YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 9

9
MASMUR 9
Gusti Allah iku pangayomaning wong saleh
9:1–10:18
1Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Mut-Laben. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.
2Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Sang Yehuwah kalayan gumolonging manah,
kawula badhe nyariyosaken sakathahing kaelokan Paduka.
3Kawula badhe bingah-bingah sarta asumyak-sumyak awit saking Paduka,
Asma Paduka kawula puji klayan masmur, dhuh Gusti,
Sang Mahaluhur,
4awit mengsah kawula sami mundur,
rebah lajeng sirna wonten ing ngarsa Paduka.
5Amargi Paduka ingkang mbelani prakawis kawula lan wewenang kawula,
temah kawula angsal kaleresan,
Paduka lenggah ing dhampar jumeneng Hakim ingkang adil.
6Para bangsa sami Paduka ancam,
para tiyang duraka Paduka tumpes;
namanipun Paduka sirnakaken langgeng ing salaminipun.
7Mengsah sampun sami tumpes tapis,
dados gempuran ngundhuk-undhuk ing salaminipun,
kithanipun sampun sami Paduka gempuri,
sampun boten dipun engeti malih babar pisan.
8Nanging Sang Yehuwah wus lenggah ing dhampar salawase,
dhampare kang kaadegake iku kanggo nindakake pangadilan.
9Iya Panjenengane iku kang ngukumi jagad kalawan adil,
sarta ngadili para bangsa kalawan patitis.
10Iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah dadi pangauban tumrap wong kang katindhes,
dadi pangauban ing wektu karubedan.
11Tiyang ingkang wanuh kaliyan asma Paduka, punika sami kumandel dhateng Paduka,
amargi Paduka, boten nate negakaken tiyang ingkang ngupadosi Paduka, dhuh Yehuwah.
12Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, kang akedhaton ing Sion.
Padha nyaritakna pandamele ana ing tengahing para bangsa.
13Dene Panjenengane kang males marang wong kang ngwutahake getih, enget marang wong kang katindhes,
ora kesupen marang pasambate.
14Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka welasi,
mugi nupiksani kasrakatan kawula margi saking pandamelipun para tiyang ingkang sengit dhateng kawula;
Paduka ingkang ngentasaken kawula saking gapuraning pejah,
15supados kawula saged nyariyosaken sadaya pakaryan Paduka, ingkang wajib pinuji punika,
sarta wonten ing gapuraning putri ing Sion, kawula asurak-surak,
awit saking pangluwaran ingkang Paduka paringaken.
16Bangsa-bangsa wus padha kecemplung ing luwangan gaweane dhewe,
sikile padha kena ing jiret, pasangane dhewe.
17Sang Yehuwah wus nglairake sarirane, Panjenengane nindakake pangadilan;
wong duraka kejiret ing pasangane dhewe. Higayon. (Selah)
18Para wong duraka bakal padha bali menyang ing teleng palimengan,
malah uga sakehing bangsa kang padha lali marang Gusti Allah.
19Awitdene wong mlarat iku ora dilalekake ing sateruse,
wong kang kesrakat ora kelangan pangarep-arep ing salawase.
20Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng, manungsa sampun ngantos angsal kaunggulan,
para bangsa sami kadhawahana pangadilan wonten ing ngarsa Paduka.
21Dhuh Yehuwah, mugi sami Paduka damel geter,
satemah para bangsa sami ngakeni, bilih namung manungsa kemawon kawontenanipun. (Selah)

Currently Selected:

JABUR 9: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in