YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 8

8
MASMUR 8
Manungsa kang asor dadi titah kang luhur
8:1-10
1Kanggo lelurahing pasindhen. Manut lagu: Gitit. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.
2Dhuh Yehuwah, Gusti kawula,
iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi,
kamulyan Paduka ingkang ngungkuli langit kakidungaken.
3 # Mt 21:16 Sarana cangkemipun bayi-bayi lan manungsa.
Paduka sampun nalesi kakiyatan margi saking lawanan Paduka,
supados mbungkem mengsah tuwin tiyang ingkang watek remen males piawon.
4Manawi kawula ningali langit pakaryanipun asta Paduka,
punapa dene rembulan saha lintang-lintang ingkang sampun Paduka tata,
5 # Ay 7:17-18; Ms 144:3; Ib 2:6-8 manungsa punika punapa ta, dene Paduka engeti?
Punapa ta anaking manungsa punika, dene Paduka galih?
6Ewadene Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik katimbang
kaliyan titah ing swarga,
sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan.
7 # 1Kr 15:27; Ef 1:22; Ib 2:8 Paduka kuwaosaken mengku yeyasaning asta Paduka,
samukawis sadaya Paduka paringaken wonten ing sangandhaping tlapakanipun:
8sakathahipun menda tuwin lembu,
ugi sato-kewan ing ara-ara,
9peksi ing awang-awang saha ulam ing saganten,
saha samukawis ingkang langkung ing margining saganten.
10Dhuh Yehuwah, Gusti kawula,
iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi.

Currently Selected:

JABUR 8: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in