YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 89

89
MASMUR 89
Kasetyaning Yehuwah marang Sang Prabu Dawud
89:1-53
1 # 1Ra 4:31 Kidung piwulang, anggitane Etan, wong Ezrahi.
2Sih-susetyaning Yehuwah badhe kawula kidungaken ing salaminipun,
kasetyan Paduka badhe kawula suwuraken kaliyan cangkem kawula turun-tumurun.
3Amargi sih-susetya Paduka binangun ing salami-laminipun;
kasetyan Paduka jejeg kados langit.
4 # 2Sa 7:12-16; 1Bb 17:11-14; Ms 132:11-12; PR 2:30 Paduka sampun ngandika: “Ingsun wus karya prajanjian kalawan pilihaningSun,
Ingsun wus supaos marang Dawud, abdiningSun.
5Wijinira Suntetepake ing salawas-lawase,
sarta dhamparira Sunbangun nganti turun-tumurun.” (Selah)
6Margi saking punika langit ngucap sokur margi saking kaelokan Paduka, dhuh Yehuwah,
malah inggih jalaran saking kasetyan Paduka
ing satengahing pasamuwanipun para suci.
7Amarga ing mega-mega iku sapa kang ngembari Pangeran Yehuwah,
lan ing antarane para kang manggon ing swarga
sapa kang madhani Sang Yehuwah?
8Gusti Allah kineringan ana ing kalangane para suci,
lan banget diwedeni ngluwihi kabeh kang padha ngayap ing sakiwa tengene.
9Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun sarwa tumitah, sinten ingkang kados Paduka?
Paduka punika santosa, dhuh Yehuwah, saha kasetyan Paduka wonten ing sakubeng Paduka.
10Gumunggungipun saganten punika Paduka ingkang ngereh,
manawi alunipun ageng Paduka ingkang ngendhakaken.
11Rahab sampun Paduka remuk kados tiyang ingkang pinejahan,
mengsah Paduka sampun Paduka buyaraken klayan asta Paduka ingkang rosa.
12Langit punika kagungan Paduka, bumi punika ugi kagungan Paduka,
jagad saisinipun sadaya punika Paduka ingkang ndhasari.
13Ler lan kidul punika Paduka ingkang nitahaken,
redi Tabor tuwin Hermon sami bingah-bingah
surak-surak margi saking asma Paduka.
14Paduka ingkang kagungan bau santosa
asta Paduka punika rosa tuwin luhur asta Paduka tengen.
15Kaleresan kaliyan kaadilan dados tetalesing dhampar Paduka,
sih-kadarman miwah kasetyan sami lumampah wonten ing ngarsa Paduka.
16Rahayu bangsa ingkang saged surak-surak,
dhuh Yehuwah, gesangipun kasunaran ing wedana Paduka,
17sami asurak-surak sadinten muput margi saking asma Paduka,
saha sami rumaos luhur margi kaadilan Paduka.
18Amargi Paduka ingkang dados kamulyaning karosanipun,
singat kawula kaunggulaken margi saking keparenging panggalih Paduka.
19Awitdene tetameng kawula sadaya punika kagunganipun Pangeran Yehuwah,
saha ratu kawula punika kagunganipun Gusti Allahipun Israel, ingkang suci.
20Sampun nate wonten pangandika Paduka sarana wahyu dhateng para tiyang ingkang Paduka kasihi,
suraosipun: “Ingsun wus maringi makutha marang sawijining pahlawan,
sawijining wong pilihan wus Sunjunjung saka ing antarane bangsa iku.
21 # 1Sa 13:14, 16:12; PR 13:22 Ingsun wus nemu Dawud, abdiningSun,
kang wus Sunjebadi kalawan lenganingSun kang suci.
22Iku bakal tetep Sunreksa kalawan astaningSun,
sarta Sunsantosakake kalawan bauningSun.
23Iku ora bakal ditempuh ing mungsuh,
apadene kawasesa ing wong culika.
24Mungsuhe bakal padha Sunremuk ana ing ngarepe,
sarta kang padha nyengiti bakal Sunsirnakake.
25Iku bakal kinanthi ing kasetyan lan sih-kadarmaningSun,
sarta sungune bakal kaunggulake karana asmaningSun,
26Ingsun bakal ndadekake tangane ngwasani segara,
sarta tangane tengen ngereh kali-kali.
27Panyebute marang Ingsun bakal mangkene: ‘Paduka punika Rama kawula,
Gusti Allah kawula, sarta peparanging karahayon kawula.’
28 # Wy 1:5 Sarta iya bakal Sunjunjung dadi putra pembarep,
tuwin kang luhur dhewe ana ing antarane para raja ing salumahing bumi.
29Sih-susetyaningSun marang dheweke bakal Sunlestarekake ing salawase,
lan prasetyaningSun bakal tetep tumrap dheweke.
30Anak-putune Sunlestarekake lumintu ing salawase,
apadene dhampare ing saumuring langit.
31Saupama anak-putune padha nglirwakake ToretingSun,
sarta lakune ora manut ing pranataningSun,
32lan padha nerak marang katetepaningSun,
sarta ora netepi pepakeningSun,
33panerake mesthi padha Sunwales kalawan gada,
tuwin kaluputane kalawan gebug.
34Nanging sih-susetyaningSun bakal ora Sunedohake saka Dawud,
sarta Ingsun ora bakal nyelaki kasetyaningSun.
35Ingsun ora bakal nerak marang prasetyaningSun,
tuwin apa kang kawedhar saka ing lathiningSun ora bakal Sunowahi.
36Sepisan Ingsun wus sumpah demi kasuceningSun,
mesthi Ingsun ora bakal cidra marang Dawud.
37Tedhak-turune bakal lestari ing salawas-lawase,
lan dhampare kaya srengenge ana ing ngarsaningSun,
38kaya rembulan kang ana ing salawas-lawase
minangka seksi kang setya tuhu ana ing mega.” (Selah)
39Nanging Paduka piyambak nampik saha nyebrataken,
sarta ndhawahaken bebendu Paduka dhumateng ingkang Paduka jebadi,
40prajanjian Paduka kaliyan ingkang abdi Paduka batalaken,
makuthanipun Paduka regedi kados lebu,
41balowartinipun Paduka rebahaken,
beteng-betengipun Paduka dadosaken jugrugan.
42Sadaya tiyang ingkang langkung wonten ing margi sami ngrayahi,
sarta dados cacadan tumrap tangga tepalih.
43Tangan tengenipun para satrunipun sami Paduka unggulaken,
sakathahing mengsahipun sampun sami Paduka damel bingah-bingah.
44Landheping pedhangipun Paduka damel mbalik,
Paduka boten damel supados saged tanggon wonten ing peprangan.
45Cahyanipun Paduka suremaken,
sarta dhamparipun Paduka rebahaken ing siti.
46Dinten enemipun sampun Paduka celakaken;
piyambakipun Paduka krukubi klayan kawirangan. (Selah)
47Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah wonten ing pasingidan,
sarta anggenipun bebendu Paduka mulad-mulad kados latu punika?
48Paduka mugi karsaa ngengeti menggah gesang punika sapinten ta dangunipun,
punapa tanpa damel anggen Paduka nitahaken sakathahing anakipun manungsa punika?
49Tiyang gesang ingkang pundi ingkang boten badhe ngalami pejah,
ingkang saged nguwalaken nyawanipun saking pamisesaning jagadipun tiyang pejah? (Selah)
50Dhuh Pangeran, pundi sih-susetya Paduka ingkang sakawit,
ingkang Paduka janjekaken dhateng Dawud mawi supaos demi kasetyan Paduka punika?
51Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa ngengeti bilih abdi Paduka dipun wewada,
saha bilih kawula nandhang pangerang-erangipun para bangsa wonten ing salebetipun manah kawula,
52ingkang dipun ucapaken para mengsah Paduka, dhuh Yehuwah,
ingkang kalairaken kangge memada tindak-tandukipun jebadan Paduka.
53Pinujia Pangeran Yehuwah ing salami-laminipun. Amin. Amin!

Currently Selected:

JABUR 89: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in