YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 88

88
MASMUR 88
Pandonga nalika lara banget
88:1-19
1Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh. Kanggo lurah pasindhen, miturut lagu: Mahalat Leanot. Kidung piwulange Heman, wong Ezrahi.
2Dhuh Yehuwah, Allah ingkang ngluwari kawula
ing wanci siyang kawula sesambat,
ing wanci dalu kawula sowan wonten ing ngarsa Paduka.
3Pandonga kawula mugi sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka,
Paduka mugi karsaa nilingaken dhateng pasambat kawula.
4Amargi nyawa kawula tuwuk ing kasisahan,
lan gesang kawula sampun celak kaliyan jagadipun tiyang pejah.
5Kawula sampun kagolongaken para tiyang ingkang mandhap dhateng ing kubur,
sarta kados tiyang ingkang tanpa daya.
6Kawula kedah amor kaliyan para tiyang pejah,
kados tiyang ingkang sami pejah margi dipun pejahi,
gumlethak wonten ing kubur,
ingkang boten Paduka engeti malih,
amargi sampun sami kapethal saking panguwaos Paduka.
7Kawula sampun Paduka selehaken wonten ing luwangan
kuburan ingkang ngandhap piyambak
ing salebeting pepeteng, ing papan ingkang lebet.
8Kawula kapetek dening bentering bebendu Paduka,
sampun kebyukan ing muncrating alun Paduka sadaya. (Selah)
9Pitepangan kawula sadaya sampun sami Paduka tebihaken saking kawula,
kawula sampun Paduka damel pangewan-ewan kangge tiyang-tiyang wau,
kawula kinungkung boten saged medal.
10Mripat kawula ngerong margi nandhang kasangsaran.
Dhuh Yehuwah, kawula sampun sesambat dhumateng Paduka ing sadinten muput
sarta sampun ngathungaken tangan kawula dhumateng Paduka.
11Paduka punapa badhe nindakaken kaelokan kangge tiyang ingkang sami pejah?
Arwah punapa badhe tangi, saha ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka? (Selah)
12Sih-kadarman Paduka punapa saged kacariyosaken wonten ing kubur,
tuwin kasetyan Paduka wonten ing paleburan?
13Kaelokan-kaelokan Paduka punapa saged kasumerepan wonten ing palimengan,
tuwin kaadilan Paduka wonten ing nagarinipun sadaya kekilapan?
14Nanging, dhuh Yehuwah, kawula punika sesambat dhumateng Paduka,
ing wanci enjing Paduka kawula pethukaken kaliyan pandonga kawula.
15Dhuh Yehuwah, punapaa dene kawula Paduka sebrataken,
saha wadana Paduka Paduka engokaken saking kawula?
16Wiwit alit mila kawula katindhes tuwin kaancam ing pejah,
kawula sampun nyanggi pagiris ingkang saking Paduka,
kawula rumaos tanpa pangajeng-ajeng.
17Kawula katempuh ing bentering bebendu Paduka,
saha kabungkem dening pagiris Paduka.
18Punika ing sadinten muput nglimputi kawula kados toya,
ngantos kemput anggen kawula kinepang.
19Mitra tuwin kanca Paduka tebihaken saking kawula,
namung pepeteng ingkang dados pitepangan kawula.

Currently Selected:

JABUR 88: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in