YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 87

87
MASMUR 87
Sion kuthane Gusti Allah
87:1-7
1Masmur anggitane bani Korakh: kidungan.
Ing gunung-gunung kang suci ana kutha kang dibangun dening Pangeran.
2Kori-kori gapuraning Sion luwih dikasihi dening Pangeran Yehuwah,
katimbang karo sakehing panggonane darah Yakub.
3He kuthaning Allah,
kowe kasuwurake mungguh prakara-prakara kang mulya. (Selah)
4Rahab lan Babil Sungolongake para wong kang nganggep marang Ingsun,
dalasan nagara Filisti, Tirus tuwin Etiopia:
“Iki padha dilairake ana ing kono.”
5Nanging bab Sion diwartakake:
“Wong iku siji-sijine laire padha ana ing kono,”
lan Panjenengane, Kang Mahaluhur, kang njejegake.
6Wong iku mau kabeh padha kawilang dening Pangeran Yehuwah, samangsa nyatheti para bangsa:
“Iki laire ana ing kono.” (Selah)
7Lan wong padha ngidung tuwin jogedan karo seneng-seneng:
“Sakehing sumberku ana ing sajroning nagaramu.”

Currently Selected:

JABUR 87: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in