YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 85

85
MASMUR 85
Pandonga nyuwun muga Israel kapulihake
85:1-14
1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane bani Korakh.
2Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngatingalaken keparenging panggalih Paduka dhumateng tanah Paduka,
kawontenanipun trahipun Rama Yakub sampun Paduka pulihaken.
3Paduka sampun ngapunten kalepatanipun umat Paduka,
sakathahing dosanipun sampun Paduka tutupi. (Selah)
4Sakathahing deduka Paduka sampun Paduka sirep,
bebendu Paduka ingkang mulad-mulad sampun Paduka lilihaken.
5Dhuh Allah, Pamarta kawula, kawula mugi sami Paduka pulihaken,
Paduka mugi karsaa ngicali gerahing panggalih Paduka tumrap kawula.
6Kawula punapa sami badhe Paduka dukani ing salaminipun,
saha anggen Paduka duka punapa badhe Paduka lajengaken ngantos turun-tumurun?
7Punapa Paduka boten karsa nggesangaken kawula sadaya malih,
supados umat Paduka saged bingah-bingah margi saking Paduka?
8Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken sih-susetya Paduka dhumateng kawula sadaya,
saha karsaa maringi karaharjan Paduka dhumateng kawula sadaya.
9Aku arep ngrungokake apa kang dadi pangandikaning Allah, Pangeran Yehuwah.
Rak tentrem rahayu kang bakal didhawuhake
marang umate lan marang para kekasihe,
supaya aja nganti bali marang ing kapunggungane maneh?
10Sanyata, karaharjan kang saka ing Pangeran iku cepak tumrap wong kang wedi-asih marang Panjenengane,
satemah nagara kita kadunungan kamulyan.
11Sih lan kasetyan bakal padha tempuk
kaadilan lan katentreman bakal padha ambung-ingambung.
12Kasetyan bakal tuwuh saka ing bumi,
lan kaadilan bakal ngawat-awati saka ing langit.
13Tur Pangeran Yehuwah bakal paring samubarang kang becik,
sarta nagara kita bakal ngwenehake pametune.
14Kaadilane bakal lumaku ana ing ngarsane,
sarta tapak-tilasing sampeyane kadadekake dalan.

Currently Selected:

JABUR 85: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in