YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 84

84
MASMUR 84
Kangen marang padalemane Gusti Allah
84:1-13
1Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Gitit. Masmur anggitane bani Korakh.
2Iba anggenipun nengsemaken padaleman Paduka,
dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah.
3Nyawa kawula rempu margi kangen dhateng plataranipun Pangeran Yehuwah,
manah kaliyan raga kawula sami asumyak-sumyak
tumuju dhumateng Gusti Allah ingkang gesang.
4Dalah peksi greja sampun manggih griya,
lan peksi kedhali manggih susuh, kangge nyelehaken anakipun,
wonten ing misbyah Paduka, dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah,
Ratu kawula saha Gusti Allah kawula.
5Rahayu tiyang ingkang sami manggen ing padaleman Paduka,
saha tansah ngluhuraken asma Paduka. (Selah)
6Rahayu tiyang ingkang karosanipun wonten ing Paduka,
ingkang gadhah niyat badhe jiyarah.
7Manawi lumampah wonten ing lebak Baka,
punika kadadosaken panggenan ingkang wonten sumberipun;
tur sinasaban ing berkahing jawah kapisan.
8Lampahipun saya dangu saya kiyat,
badhe sowan ing ngarsanipun Gusti Allah ing Sion.
9Dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,
mugi karsaa nilingaken dhateng kawula, dhuh Gusti Allahipun Rama Yakub. (Selah)
10Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa mirsani tetameng kawula sadaya,
mugi karsaa mirsani dhumateng wedananipun jebadan Paduka!
11Wonten ing plataran Paduka sadinten
punika prayoginipun nglangkungi sewu dinten wonten ing sanes panggenan;
kawula milaur ngadeg ing korining padalemanipun Allah kawula,
punika langkung sae katimbang kaliyan manggen wonten ing kemahipun tiyang duraka.
12Amarga Pangeran Yehuwah Allah iku dadi sesurya lan tetameng;
Panjenengane maringi sih lan kamulyan;
wong kang lakune tanpa cacad ora dicukengi ing bab samubarang kang becik.
13Dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah,
rahayu tiyang ingkang kumandel dhumateng Paduka.

Currently Selected:

JABUR 84: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in