YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 83

83
MASMUR 83
Pandonga nyuwun pitulungan nglawan mungsuh
83:1-19
1Masmur anggitane Asaf: sawijining kekidungan.
2Dhuh Allah, Paduka mugi sampun kendel
mugi karsaa ngandika, saha sampun nganggur, dhuh Allah!
3Amargi mengsah Paduka sami gumuruh,
tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka sami nglangak kumethak,
4sami ngrantam paekan nglawan Paduka,
sarta sami sakuthon badhe nglawan para ingkang Paduka ayomi.
5Wicantenipun makaten: “Ayo kita padha nyirnakake bangsa iku
supaya jenenge Israel ora kocap maneh!”
6Saestu, sampun sami ngrantam kalayan saiyeg,
sami damel prajanjian nglawan Paduka:
7Para ingkang sami manggen ing kemahipun bangsa Edom, lan Ismael,
Moab kaliyan Hagar,
8Gebal lan Amon tuwin Amalek,
Filisti sesarengan kaliyan tiyang ing Tirus,
9ugi Asyur sami manunggil kaliyan tiyang-tiyang wau,
sami dados bebantunipun darah Lut. (Selah)
10 # PH 4:6-22, 7:1-23 Sedaya punika sami kadamela kadosdene bangsa Midian,
kados Sisera tuwin Yabin wonten ing sacelakipun lepen Kisyon,
11ingkang sampun sami katumpes wonten ing Endor,
sami dados rabuking siti.
12 # PH 7:25, 8:12 Para pangagengipun sami kadamela kados Oreb kaliyan Zeeb,
saha sakathahing pemimpinipun kados Zebah lan Salmunah,
13ingkang sami wicanten: “Payo padha ngejegi
papan-papan padalemaning Allah.”
14Dhuh Allah kawula, tiyang punika sami kadadosna kados dhedhak ingkang mabul-mabul,
kados mrambut ingkang kabur ing angin.
15Kados latu ingkang mbesmi wana,
saha kados urubing latu ingkang nggesengaken redi-redi,
16sami kaoyaka kaliyan prahara Paduka,
tuwin kadamela kaget kaliyan lesus Paduka.
17Rainipun sami kasasabana ing wirang,
supados sami ngupadosana asma Paduka, dhuh Yehuwah.
18Kajengipun sami nandhang wirang sarta kaget ing salaminipun,
sami kawirangna saha lejeng sami tumpes,
19supados sami sumerepa, bilih namung Paduka ingkang asma Yehuwah,
Ingkang Mahaluhur tuwin misesani ing salumahing bumi.

Currently Selected:

JABUR 83: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in