YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 80

80
MASMUR 80
Pandonga kanggo keslametane Israel
80:1-20
1 # Pa 25:22 Kanggo lurah pasindhen, lagune kaya kidung: Kembang Bakung. Paseksene Asaf. Masmur.
2Dhuh Juru Pangenipun Banisrael, mugi karsaa midhangetaken.
Paduka ingkang nggiring bani Yusuf kados pepanthan menda,
Paduka ingkang nitih kerub-kerub,
mugi karsaa ngatingalaken cahya Paduka,
3wonten ing ngajengipun Efraim kaliyan Benyamin tuwin Manasye.
Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasantosan Paduka
saha mugi karsaa rawuh ngluwari kawula sadaya.
4Dhuh Allah, kawula mugi sami Paduka pulihaken,
mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng.
5Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi,
taksih pinten laminipun anggen Paduka bendu
sanadyan umat Paduka ndedonga?
6Umat Paduka sami Paduka tedhani roti tumatesing luh,
Paduka paringi ngombe luh ngantos kathah sanget,
7kawula sami Paduka dadosaken rerebatanipun para tangga-tepalih,
saha sami cinampahan ing mengsah-mengsah kawula.
8Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, kawula mugi sami Paduka pulihaken,
mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami manggih wilujeng.
9Paduka sampun mundhut wit anggur saking tanah Mesir,
para bangsa sami Paduka tundhungi, wit anggur wau lajeng Paduka tanem.
10Paduka sampun nyawisi papan,
wit anggur wau lajeng ngoyod lebet sanget saha ngebaki nagari;
11redi-redi sami kayoman ing ayang-ayanganipun,
lan wit-wit eres kagunganipun Gusti Allah sami kayoman ing pangpangipun;
12pangipun ingkang alit-alit sami pating tlolor ngantos dumugi ing saganten,
sarta elungipun ngantos dumugi ing benawi Efrat.
13Punapa sababipun dene Paduka njugrugaken pageripun,
temah dipun pethiki dening tiyang ingkang sami langkung?
14Dipun grogoti ing andhapan,
sarta dipun tedha ing kewan-kewan ing ara-ara.
15Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, Paduka mugi karsaa wangsul,
mirsanana saking ing swara sarta ningalana.
Paduka mugi karsaa nggatosaken wit anggur punika,
16wit ingkang katanem dening asta Paduka ingkang tengen.
17Witipun sampun sami dipun besmeni lan dipun tegori,
tiyang-tiyang wau kajengipun sami sirna ical dening bebendu Paduka.
18Paduka mugi karsaa ngreksa dhateng para tiyang ingkang wonten ing sisih tengen Paduka,
anakipun manungsa ingkang sampun Paduka kiyataken kagem Paduka piyambak.
19Kawula sami boten badhe nyleweng saking Paduka,
kawula mugi Paduka gesangi, satemah sami badhe nyebut ngluhuraken asma Paduka.
20Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi,
kawula mugi sami Paduka pulihaken,
mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng.

Currently Selected:

JABUR 80: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in