YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 79

79
MASMUR 79
Pandongane umat kang kaancam ing bebaya
79:1-13
1 # 2Ra 25:8-10; 2Bb 36:17-19; Ym 52:12-14 Masmur anggitane Asaf.
Dhuh Allah, bangsa sanes sampun sami lumebet dhateng ing tanah kagungan Paduka,
sami najisaken padaleman Paduka ingkang suci,
Yerusalem dipun dadosaken jugrugan.
2Mayitipun para abdi Paduka dipun pakakaken dhateng peksi-peksi ing awang-awang,
dagingipun para kekasih Paduka
dipun pakakaken dhateng sato ing ara-ara.
3Rahipun umat Paduka dipun wutahaken kadosdene toya,
wonten ing sakubenging Yerusalem sarta boten wonten ingkang ngubur.
4Kawula sami dados cacadanipun para tangga-tepalih kawula,
lan dados pepoyokan miwah cacampahanipun tiyang ingkang manggen ing sakubeng kawula.
5Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah paring bebendu Paduka,
saha bentering panggalih Paduka anggenipun mulad-mulad kados latu?
6Bebendu Paduka mugi kaesokna
dhateng para bangsa ingkang boten
sami tepang kaliyan Paduka, inggih dhateng sakathahing karajan ingkang boten nyebut asma Paduka;
7amargi sampun sami mangsa Yakub ngantos telas,
griyanipun dipun risak.
8Paduka mugi sampun ngantos ndhawahaken kalepatanipun para leluhur kawula dhumateng kawula sadaya;
kawula mugi enggal kadhawahana ing sih-rahmat Paduka,
awitdene kawula sampun sami ringkih sanget.
9Dhuh Allah, ingkang mengku karahayon kawula,
kawula mugi sami Paduka paringi pitulungan
margi saking kaluhuraning asma Paduka.
Kawula mugi sami kaentasna saha kaapuntena dosa kawula
margi saking asma Paduka.
10Punapaa dene bangsa sanes ngantos sami ngucap makaten:
“Allahe wong iku ana ing ngendi?”
Pamalesing rahipun para abdi Paduka ingkang sampun kawutahaken,
mugi kasumerepana dening bangsa-bangsa sanes
wonten ing ngajeng kawula sedaya.
11Pasambatipun para tiyang ingkang kinunjara
mugi sageda sumengka dhateng ing ngarsa Paduka;
tiyang ingkang sami katetepaken kaukum pejah,
mugi sami Paduka parengaken gesang laras kaliyan asta Paduka ingkang agung.
12Saha para tangga kawula mugi sami kadhawahana piwales tikel pitu,
amargi anggenipun sami memada dhumateng Paduka, dhuh Pangeran.
13Kawula sadaya punika, umat Paduka, inggih pepanthan menda ngen-ngenan Paduka,
badhe lajeng sami ngaturaken panuwun dhumateng Paduka ing salaminipun,
saha pepujian ingkang tumuju dhumateng Paduka badhe sami kawula wartosaken ngantos turun-tumurun.

Currently Selected:

JABUR 79: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in