YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 77

77
MASMUR 77
Pakaryane Gusti Allah kang wus kapungkur
77:1-21
1Kanggo lurah pasindhen.
Miturut: Yedutun. Masmur anggitane Asaf.
2Aku arep nyebut marang Gusti Allah kalawan swara sora,
kalawan swara sora marang Gusti Allah, supaya midhangetake marang aku.
3Ing dina karubedan aku ngupaya Pangeran;
ing wayah bengi tanganku dakegarake,
lan ora banjur kesel,
nyawaku lumuh diarih-arih.
4Manawa aku ngangen-angen marang Allah, banjur ngadhuh-adhuh,
manawa dakrasak-rasakake, nyawaku saya lungkrah lesu. (Selah)
5Paduka damel mripat kawula tansah kelop-kelop;
kawula semplah, temah boten saged wicanten.
6Kawula manah-manah dhateng lelampahan nalika jaman kina;
kawula kengetan taun-taun ingkang sampun kapengker.
7Ing wanci dalu kawula ngenam-enam salebeting manah,
kawula nggagas-nggagas tuwin nyawa kawula nlusur-nlusur:
8“Pangeran apa iya nampik ing salawase,
lan apa ora bakal paring sih-piwelas maneh?
9Sih-susetyane apa wus sirna ing sabanjure,
prasetyane apa wus tumeka ing pungkasane nganti turun-tumurun?
10Gusti Allah apa wus kesupen marang ing pangemane,
sih-piwelase apa kapunggel marga saka bebendune?” (Selah)
11Ing kono pangucapku: “Iki kang nuwek atiku,
dene astane tengen Kang Mahaluhur wis owah!”
12Aku bakal ngeling-eling pakaryan-pakaryane Pangeran Yehuwah,
inggih, kawula badhe ngengeti kaelokan Paduka kala jaman kina.
13Kawula badhe nyebut sakathahing pakaryan Paduka,
sarta badhe manah dhateng saliring pandamel Paduka.
14Dhuh Allah, margi Paduka punika suci!
Allah ingkang pundi ingkang agung kados Allah kawula sadaya?
15Paduka punika Gusti Allah ingkang nindakaken kaelokan;
Paduka sampun nglairaken pangwaos Paduka wonten ing tengahipun para bangsa.
16Umat Paduka, tedhak turunipun Rama Yakub tuwin Rama Yusuf,
sampun Paduka tebus klayan asta Paduka. (Selah)
17Dhuh Allah, toya-toya sampun sami ningali Paduka,
toya-toya sampun sami ningali Paduka saha sami gumeter,
malah samodra agung inggih ndhredheg.
18Mendhung nggrojogaken toya,
gumuruh swaraning mega mawarni-warni,
malah jemparing Paduka sami pating clorot.
19Swaraning gludhug Paduka gumledheg,
kilat-kilat sami madhangi jagad,
bumi geter saha gonjang-ganjing.
20Margi Paduka nglangkungi saganten,
sarta lurung Paduka nglangkungi nginggiling toya ingkang wiyar,
nanging tapak tilas Paduka boten katingal.
21Paduka sampun ngirid umat Paduka kados nggiring menda apanthan,
lumantar Nabi Musa lan Imam Harun.

Currently Selected:

JABUR 77: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in