YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 76

76
MASMUR 76
Gusti Allah, Hakime para bangsa
76:1-13
1Kanggo lurah pasindhen. Binarung ing swaraning clempung. Masmur anggitane Asaf. Kekidungan.
2Gusti Allah iku kesuwur ana ing Yahuda,
asmane kondhang ana ing Israel!
3Kemahe wus ana ing Salem,
sarta padalemane ana ing Sion!
4Ana ing kono Pangeran wus mutungi panah kang kumilat,
tameng tuwin pedhang sarta piranti perang. (Selah)
5Gumilaping cahya Paduka punika kamulyanipun ngungkuli
pareden ingkang wonten wiwit kina makina.
6Para wong kendel wus padha kajarah-rayah,
padha ngantuk angles,
para prawira kabeh wus padha kaya koncatan ing kakuwatane.
7Dhuh Allahipun Rama Yakub, amargi saking bebendu Paduka,
kapal saha ingkang numpaki sami katileman.
8Paduka punika nggegirisi!
Sinten ingkang tahan wonten ing ngarsa Paduka
samangsa Paduka duka?
9Paduka ndhawahaken pancasaning pangadilan saking ing langit;
bumi ajrih saha kami-tenggengen,
10nalika Gusti Allah jumeneng ngasta pangadilan,
saha ngluwari sakathahipun tiyang ingkang katindhes wonten ing bumi. (Selah)
11Saestu para tiyang brangasan lajeng badhe sami caos sokur dhumateng asma Paduka,
kekantunaning tiyang brangasan sami Paduka kendhaleni.
12Padha ngucapna nadar banjur padha luwarana konjuk ing Yehuwah Allahmu!
Kabeh wong kang ana ing ngarsane Yehuwah,
kareben padha ngunjukake pisungsung marang Panjenengane kang diwedeni.
13Panjenengane kang nglemesake semangate para pemimpin,
Panjenengane kang nggegirisi tumrap para ratu ing bumi.

Currently Selected:

JABUR 76: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in