YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 75

75
MASMUR 75
Gusti Allah, Hakim kang adil
75:1-11
1Kanggo lurah pasindhen.
Miturut lagu: Aja ngrusak. Masmur anggitane Asaf. Kekidungan.
2Kawula sami ngunjukaken pamuji sokur dhumateng Paduka, dhuh Allah, kawula sami ngunjukaken pamuji sokur,
tiyang-tiyang ingkang nyebut asma Paduka
sami nyariyosaken pakaryan Paduka ingkang ngedab-edabi.
3“Manawa Ingsun nemtokake wektune,
Ingsun piyambak kang bakal mancasi kalawan adil.
4Bumi lan sakehing wong saisine padha lebur;
Ingsun, iya Ingsun piyambak kang njejegake cagak-cagake.” (Selah)
5Ingsun ngandika marang para wong gumunggung: “Sira aja padha gumunggung.”
Sarta marang para wong duraka: “Sira aja padha masang sungu!
6Aja padha masang sungunira nganti dhuwur,
lan aja calathu kalawan ndegeg!”
7Sabab kamulyan iku pinangkane ora saka ing wetan utawa saka ing kulon,
lan iya ora saka ing pasamunan,
8nanging Gusti Allah iku kang jumeneng Hakim:
nglorod wong kang siji, sarta njunjung sijine.
9Astane Pangeran nyepeng tuwung isi anggur kang munthuk,
kebak campuran bumbu;
Panjenengane banjur ngiling saka ing kono;
lah ampase bakal disruput lan diombe
dening sakehing wong duraka ing bumi.
10Nanging aku bakal surak-surak ing salawas-lawase,
Gusti Allahe Rama Yakub bakal dakpuji kalawan masmur.
11Sakehing sungune para wong duraka bakal diremuk,
nanging sungune wong mursid iku bakal padha didhuwurake.

Currently Selected:

JABUR 75: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in