YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 7

7
MASMUR 7
Gusti Allah iku Hakim kang adil
7:1-18
1Kidung pasambat anggitane Sang Prabu Dawud, kang dikidungake konjuk marang Sang Yehuwah, marga saka tembunge Kusy, wong Benyamin.
2Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, Paduka ingkang kawula suwuni pangayoman,
mugi karsaa ngluwari kawula saking sakathahipun tiyang ingkang ngoyak-oyak kawula, kawula mugi Paduka luwari,
3supados sampun ngantos nubruk kawula kadosdene singa,
sarta nyered kawula, saha boten wonten ingkang nguwalaken.
4Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, manawi kawula tumindak makaten:
manawi tangan kawula nindakaken kaculikan,
5manawi kawula damel piawon dhateng tiyang ingkang tepangipun sae kaliyan kawula,
utawi mitunani tiyang ingkang nyatru kawula tanpa sabab,
6manawi makaten, mugi kawula kabujenga ing mengsah ngantos kacepeng,
lajeng gesang kawula dipun idak-idaka ing siti,
saha kaluhuran kawula kapendhema ing lebu. (Selah)
7Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng ing salebeting bebendu Paduka,
mugi karsaa jumeneng nadhahi pangigit-igitipun tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula,
mugi Paduka wungu mitulungi kawula amargi Paduka ingkang mrentahaken pangadilan.
8Dene para bangsa kajengipun sami nglempak ngupengi Paduka,
Paduka lajeng karsaa lenggah ing sanginggilipun ing papan ingkang inggil.
9Sang Yehuwah ngadili para bangsa.
Dhuh Yehuwah, mugi Paduka karsaa ngadili kawula,
punapa kawula leres, saha punapa kawula tulus eklas.
10 # Wy 2:23 Mugi-mugi piawoning tiyang duraka sageda mantun,
nanging tiyang mursid mugi Paduka santosakaken,
Paduka ingkang ndadar manah saha batosing tiyang,
dhuh Allah ingkang adil.
11Gusti Allah iku tetamengku,
kang mitulungi wong kang burus ing ati.
12Gusti Allah iku Hakim kang adil,
tuwin Allah kang tansah nglairake bebendune.
13Manawa wong ora mratobat,
Gusti Allah bakal ngasah pedhange, menthang gandhewane, lan kaenerake.
14Gegaman ampuh kacawisake kanggo wong mau,
jemparinge diurubake.
15Lah wong iku ngandhut piala
lan ngandheg bilai nuli nglairake cidra;
16nuli gawe luwangan, didhudhuk,
nanging kecemplung dhewe ing luwangan gaweane mau.
17Piala kang ditindakake mau mbalik nempuh endhase dhewe,
sarta panganiayane nibani pathake dhewe.
18Aku arep ngunjukake panuwun marang Sang Yehuwah amarga saka kaadilane,
sarta ngidungake masmur kagem asmane Sang Yehuwah, Kang Mahaluhur.

Currently Selected:

JABUR 7: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in