YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 69

69
MASMUR 69
Pandonga ing sajroning karubedan
69:1-37
1Kanggo lurah pasindhen.
Miturut lagu: Kembang bakung. Saka Sang Prabu Dawud.
2Dhuh Allah, kawula mugi Paduka pitulungi,
awit toyanipun sampun minggah dumugi ing gulu kawula.
3Kawula ambles ing rawa ingkang lebet,
boten wonten papan kangge pancadan;
kawula sampun klelep wonten ing toya ingkang lebet,
alun ageng ngentiraken kawula.
4Kawula lesah margi saking anggen kawula sesambat, telak kawula garing;
mripat kawula pedhes margi saking anggen kawula ngantos-antos dhumateng Gusti Allah kawula.
5 # Ms 35:19; Yo 15:25 Tiyang ingkang nyengiti kawula tanpa sabab langkung kathah katimbang rambut kawula,
kathah sanget cacahipun tiyang ingkang ngangkah badhe ngrisak kawula,
ingkang nyatur kawula tanpa sabab;
kawula dipun peksa nglintoni barang ingkang boten kawula rayah.
6Dhuh Allah, Paduka mirsa menggah bodho kawula,
kalepatan-kalepatan kawula Paduka boten kekilapan.
7Dhuh, Pangeran, Allahing sarwa tumitah,
para tiyang ingkang ngantos-antos dhumateng Paduka,
mugi sampun ngantos nandhang wirang margi saking kawula.
Dhuh Allahipun Israel, tiyang ingkang ngupadosi Paduka,
sampun ngantos dados cacadan margi saking kawula.
8Margi saking Paduka kawula tampi pamada,
rai kawula kebak cacad.
9Kawula dipun emohi sadherek-sadherek kawula,
anak-anakipun embok kawula sami nganggep kawula tiyang sanes,
10 # Yo 2:17; Rm 15:3 margi anggen kawula ngandhemi padaleman Paduka punika nggesengaken kawula,
sarta tembung-tembung panacad dhumateng Paduka sampun namani kawula.
11Kawula ngrisak badan kawula sarana siyam,
nanging punika ugi dados cacad tumrap kawula;
12kawula mangangge bagor,
lajeng dados pocapanipun.
13Kawula tansah dados rembagipun tiyang-tiyang ingkang sami linggih ing korining gapura,
kawula dipun nyanyekaken dening tiyang ingkang sami remen ngombe inuman keras kalayan ngungelaken clempung.
14Nanging kawula, kawula ndedonga dhumateng Paduka,
dhuh Yehuwah,
ing wekdal Paduka karenan ing panggalih, dhuh Allah;
demi sih-piwelas Paduka ingkang agung, paduka mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula,
kanthi pitulungan Paduka ingkang setya!
15Kawula mugi Paduka entasaken saking ing endhutan,
sampun ngantos kleleb,
kawula mugi kaluwarana saking tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula,
sarta saking toya ingkang lebet.
16Ombaking toya sampun ngantos ngentiraken kawula,
sampun ngantos kawula kauntal ing teleng,
saha sumur sampun ngantos ngingkemi kawula.
17Dhuh Yehuwah, paduka mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula,
awit sih-piwelas Paduka punika pinunjul,
Paduka mugi karsaa mirsani kawula
salaras kaliyan sih-rahmat Paduka ingkang ageng.
18Sampun ngantos nyingidaken wadana Paduka saking abdi Paduka,
amargi kawula karupekan; mugi enggal karsaa paring wangsulan dhumateng kawula!
19Mugi karsaa ngrawuhi kawula saha nebus kawula.
Kawula mugi Paduka luwari margi saking satru-satru kawula.
20Paduka nupiksani cacad kawula,
kawirangan kawula saha kanisthan kawula.
Paduka boten kekilapan dhateng mengsah kawula.
21Manah kawula rempu margi saking panyamah,
telah pangajeng-ajeng kawula;
kawula ngajeng-ajeng sih-piwelas, nanging tanpa gina,
sarta ngajeng-ajeng dhateng panglipur, nanging boten pinanggih.
22 # Mt 27:48; Mk 15:36; Yo 19:28-29 Malah kawula dipun tedhani racun,
sarta nalika kawula ngelak, dipun sukani anggur kecut.
23 # Rm 11:9-10 Pekembulanipun tiyang-tiyang punika dadosa jiret wonten ing ngajengipun,
lan kendhurenipun dadosa kala.
24Mripatipun sami dadosa peteng,
ngantos boten saged ningali;
sarta bangkekanipun dadosa lelah-leloh!
25Paduka mugi karsaa ngebyuki ing bebendu tiyang-tiyang punika,
sarta ketamana ing mulad-mulading deduka Paduka.
26 # PR 1:20 Pemahanipun dadosa suwung,
kemah-kemahipun sampun ngantos wonten ingkang ngenggeni.
27Amargi sami nguya-uya tiyang ingkang Paduka gebagi,
sami ngindhaki sakitipun tiyang ingkang sami Paduka tatoni.
28Durakanipun tiyang-tiyang punika mugi Paduka wewahi,
sampun ngantos sami manggih kaleresan wonten ing ngarsa Paduka!
29 # Pa 32:32; Wy 3:5, 13:8, 17:8 Mugi kacoreka saking kitabing gesang,
sampun ngantos kecathet nunggil kaliyan tiyang ingkang sampurna!
30Nanging kawula punika katindhes lan sinangsara,
dhuh Allah, karahayon peparing Paduka mugi ngayomi kawula!
31Asmane Allah bakal dakpuji kalawan kekidungan,
sarta Panjenengane dakluhurake kanthi kidung panuwun.
32Ana ing paningaling Allah iku luwih becik katimbang sapi lanang,
ngluwihi sapi lanang kang wus ana sungune lan atracak belah.
33Delengen, he wong kang andhap-asor lan padha bungah-bungaha,
he wong kang padha ngupaya marang Allah, cikben atimu girang maneh!
34Amarga Pangeran Yehuwah miyarsakake marang wong kang padha mlarat,
lan ora nyepelekake marang umate kang dadi tahanan.
35Panjenengane muga linuhurna dening langit lan bumi,
sarta segara dalah kang molah ana ing jerone.
36Amarga Gusti Allah bakal mitulungi Sion,
sarta mbangun kutha-kutha ing Yahuda,
supaya dienggoni para umate lan dadia darbeke.
37Para anak-putune abdine bakal padha tampa warisan iku,
sarta wong kang tresna marang asmane bakal padha manggon ana ing kono.

Currently Selected:

JABUR 69: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in