YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 64

64
MASMUR 64
Paukumane Gusti Allah marang wong duraka
64:1-11
1Kanggo lurah pasindhen.
Masmur anggitane Prabu Dawud.
2Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken swaraning pasambat kawula,
nyawa kawula mugi Paduka reksa manawi wonten satru ingkang nggegirisi.
3Kawula mugi Paduka aling-alingi manawi wonten tiyang awon ingkang sami sekuthon,
tuwin reresah ingkang dipun wontenaken dening para tiyang ingkang tumindak duraka,
4ingkang nglandhepaken ilatipun kados pedhang,
sarta ingkang ngeculaken tembung sengak kados panah,
5ingkang kalepasaken dhateng tiyang mursid saking ing pasingidan,
dumadakan panahipun katamakaken tanpa ringa-ringa.
6Sami nekad nindakaken duraka,
sami sarembag masang kala ing pasingidan,
sarta ngucap: “Sapa kang weruh?”
7Sami ngangen-angen tindak culika:
“Aku wis padha rumanti, rancangane wis mateng.”
Saiba lebetipn batos saha manahipun tiyang punika!
8Nanging Gusti Allah nglepasi panah dhumateng tiyang-tiyang punika;
dumadakan sami ketaton.
9Padha ditibakake dening Gusti Allah marga saka ilate dhewe;
sakehing wong kang nyawang padha gedheg-gedheg.
10Wong kabeh padha wedi lan banjur nyaritakake pakaryaning Allah,
kanthi ngakoni pandamele.
11Wong mursid bakal padha bungah, marga pangrehe Sang Yehuwah,
sarta ngayom marang Panjenengane;
sakehing wong kang jujur bakal padha ngalembana.

Currently Selected:

JABUR 64: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in