YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 6

6
MASMUR 6
Pandonga sajrone ati ngolang-ngaling
6:1-11
1Kanggo lurah pasindhen binarung ing swaraning clempung.
Manut lagu: Kang kawolu. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.
2 # Ms 38:2 Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun Paduka ukum kalayan bebendu Paduka,
mugi sampun Paduka perdi kalayan bramantya Paduka.
3Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka welasi, awit kawula nglayung.
Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka sarasaken,
awit balung kawula sami gumeter,
4lan nyawa kawula sanget kaget.
Dene Paduka, dhuh Yehuwah, taksih sapinten dangunipun?
5Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa wangsul,
karsaa ngentas nyawa kawula,
mugi karsaa ngluwari kawula awit saking sih-kadarman Paduka.
6Awit ing salebetipun pejah boten wonten tiyang ingkang ngenget-enget dhumateng Paduka,
wonten ing teleng palimengan sinten ingkang badhe memuji dhumateng Paduka?
7Kawula sampun lesah margi saking pangesah kawula,
ing saben dalu patileman kawula kebesan ing luh kawula,
amben kawula kawula benani kalayan luh kawula.
8Mripat kawula ngantos pendul margi saking sisah,
sarta lamur jalaran kathahing tiyang ingkang ngrupeki manah kawula.
9 # Mt 7:23; Lk 13:27 Heh wong kang padha gawe piala, sumingkira saka ing ngarepku,
amarga Sang Yehuwah wus miyarsa tangisku.
10Sang Yehuwah wus mireng panyuwunku,
Sang Yehuwah nampeni pandongaku.
11Sakehing satruku padha kawirangan sarta kaget banget,
lan mundur sakal tuwin kawirangan kabeh.

Currently Selected:

JABUR 6: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in