YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 5

5
MASMUR 5
Donga ing wayah esuk
5:1-13
1Kanggo lurah pasindhen binarung swaraning suling.
Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.
2Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken unjuk kawula,
saha karsaa midhangetaken pasambat kawula.
3Dhuh Ratu kawula saha Allah kawula, Paduka mugi midhangetaken anggen kawula njerit nyuwun pitulungan,
amargi dhumateng Paduka anggen kawula ndedonga.
4Dhuh Yehuwah ing wanci enjing Paduka miyarsakaken swara kawula,
ing wanci enjing kawula nyawisaken kurban wonten ing ngarsa Paduka,
sarta kawula ngantos-antos.
5Amargi Paduka punika Allah ingkang boten remen dhateng duraka,
tiyang awon boten badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka.
6Tiyang gumunggung boten badhe tahan wonten ing ngarsa Paduka,
Paduka sengit dhateng sakathahing tiyang ingkang nindakaken piawon.
7Paduka numpes sakathahipun tiyang dora-cara,
Yehuwah eneg mirsani tiyang ingkang ngwutahaken rah saha lampah cidra.
8Nanging kawula Paduka parengaken sowan lumebet ing padaleman Paduka,
amargi saking agenging sih palimirma Paduka.
Kawula Paduka parengaken tumungkul sujud
madhep dhateng ing padaleman Paduka ingkang suci,
kanthi pakering dhumateng Paduka.
9Dhuh Yehuwah Paduka mugi karsaa nuntun kawula wonten ing kaadilan Paduka,
awit saking panjejeping mengsah kawula;
Paduka mugi ngradinaken margi Paduka wonten ing ngajeng kawula.
10 # Rm 3:13 Amargi tembungipun tiyang-tiyang punika boten wonten ingkang temen,
batosipun kebak piawon,
gurungipun kadosdene kubur menga,
ilatipun ngucapaken lelamisan.
11Dhuh Allah, tiyang punika kajengipun sami nanggel kalepatanipun,
kajengipun sami dhawah margi saking rancanganipun piyambak,
sami kabucala awit saking kathahing panerakipun,
amargi sami mbalela dhateng Paduka.
12Nanging sakathahipun tiyang ingkang ngungsi dhumateng Paduka, badhe sami suka rena,
sami surak-surak ing salaminipun margi sami Paduka ayomi
saha margi saking Paduka tiyang ingkang tresna dhumateng Paduka badhe sami sumyak-sumyak.
13Amargi Paduka ingkang mberkahi tiyang mursid, dhuh Yehuwah,
saha Paduka amping-ampingi kalayan kanugrahan Paduka, kadosdene tetameng.

Currently Selected:

JABUR 5: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in