YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 4

4
MASMUR 4
Donga ing wayah bengi
4:1-9
1Kanggo lurah pasindhen, binarung swaraning clempung.
Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.
2Manawi kawula sesambat, mugi karsaa paring wangsulan,
dhuh Allah ingkang ngleresaken kawula.
Ing salebeting karupekan Paduka ingkang paring omber dhateng kawula,
mugi karsaa paring sih-piwelas dhumateng kawula saha karsaa miyarsakaken pandonga kawula!
3He para priya, nganti pira suwene kaluhuranku diwirangake,
nganti pira lawase anggonmu padha rumaket marang kang tanpa guna,
sarta anggonmu mburu marang pagorohan? (Selah)
4Padha sumurupa yen Sang Yehuwah wus milih kang dadi kekasihe;
Sang Yehuwah karsaa midhangetake samangsa aku nyenyuwun marang Panjenengane.
5 # Ef 4:26 Nepsua nanging aja nganti gawe dosa,
mosika sajroning atimu ana ing paturon,
nanging tetepa meneng. (Selah)
6Padha nyaosna kurban kang bener,
sarta kumandela marang Sang Yehuwah.
7Kathah tiyang ingkang sami mungel makaten: “Sapa kang bakal nyumurupake kang becik marang aku?”
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mlethekaken cahyaning wadana Paduka dhateng kawula sadaya.
8Paduka sampun paring kabingahan dhateng kawula,
nglangkungi tiyang-tiyang samangsa angsal gandum tuwin anggur kathah.
9Kanthi ayem-tentrem kawula badhe leyeh-leyeh lajeng enggal tilem,
amargi dhuh Yehuwah, namung Paduka ingkang njalari kawula manggen kanthi tentrem.

Currently Selected:

JABUR 4: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in