YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 53

53
MASMUR 53
Bab kanisthaning manungsa
53:1-7
1Kanggo lurah pasindhen.
Miturut lagu: Mahalat. Kidung piwulange Prabu Dawud.
2 # Rm 3:10-12 # Ms 14 Wong gemblung mosik ing sajroning atine:
“Ora ana Allah!”
Kaculikan kang padha dilakoni iku rusuh lan nistha banget,
ora ana kang nglakoni kabecikan.
3Gusti Allah mirsani mangisor saka ing swarga
marang para anaking manungsa,
karsa nguningani apa ana kang duwe budi,
lan kang ngupaya marang Gusti Allah.
4Kabeh wus padha nyimpang, kabeh wus padha bubrah;
ora ana kang gawe becik, siji bae ora ana.
5Para wong kang nglakoni piala iku apa ora ngrumangsani,
yen padha memangan marang umatingSun nganti entek kaya mangan roti,
lan ora nyebut marang asmane Gusti Allah?
6Ana ing kono padha ketaman ing pagiris,
sanadyan ora ana kang marakake giris;
amarga Gusti Allah nyebar balung-balunge wong kang padha ngepung kowe,
wong iku bakal padha kawirangake,
amarga wus padha katampik dening Gusti Allah.
7Muga-muga pangentasane Israel tekaa saka ing kutha Sion!
Manawa Gusti Allah maluyakake kaanane umate maneh,
Yakub bakal surak-surak, Israel bakal bungah-bungah.

Currently Selected:

JABUR 53: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in