YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 52

52
MASMUR 52
Paukuman tumrap wong duraka
52:1-11
1Kanggo lurah pasindhen.
Kidung piwulange Prabu Dawud, 2#1Sa 22:9-10naliga Doëg, wong Edom seba ngaturi uninga marang Prabu Saul, yen Sang Senopati Dawud wus rawuh ing daleme Imam Akhimelekh.
3He pahlawan, geneya kowe kok gumunggung ing bab piala,
ana ing ngarepe wong kang sadina-dina kinasihan dening Gusti Allah?
4Kowe ngrantam-ngrantam bilai,
ilatmu iku kaya lading panyukuran kang wus kaasah,
he wong cidra!
5Kowe iku dhemen marang piala ngungkuli kabecikan,
sarta marang para cidra ngluwihi kayekten. (Selah)
6Kang kok dhemeni iku sakehing tetembungan kang ngrusak,
he ilat kang cidra!
7Nanging kowe iku ing satemene bakal dibrukake dening Gusti Allah ing sateruse
bakal direbat lan dilarak saka ing tarub
bakal kabethot saka ing tanahe wong ngaurip. (Selah)
8Para wong mursid bakal padha ndeleng, temahan padha wedi,
lan bakal padha nggeguyu, pangucape:
9“Lah kae delengen, wong iku ora nganggep Gusti Allah dadi pangungsene,
nanging ngendelake marang kasugihane kang luber,
lan ngayom marang pratingkahe anggone ngrerusak!”
10Nanging aku iki bakal ana ing padalemane Gusti Allah;
kaya wit jaitun kang ngrembuyung seger ijo royo-royo;
sih-kadarmane Allah kang dakendelake ing salawase.
11Kawula badhe ngunjukaken pamuji sokur wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun,
margi saking pangreh Paduka;
awit asma Paduka punika sae, mila badhe kawula suwuraken
wonten ing ngajengipun para kekasih Paduka!

Currently Selected:

JABUR 52: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in