YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 51

51
MASMUR 51
Nalangsani dosa
51:1-21
1Kanggo lurah pasindhen.
Masmur anggitane Sang Prabu Dawud, 2#2Sa 12:1-15nalika Nabi Natan sowan, sawuse panjenengane sapasarean karo Batsyeba.
3Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi awit saking sih-kadarman Paduka,
mugi karsaa nglebur dosa kawula awit saking gunging sih-kadarman Paduka.
4Mugi kawula Paduka resiki babar pisan saking sakathahing dosa kawula,
sarta dosa kawula mugi Paduka ruwat.
5Amargi kawula ngrumaosi panerak kawula,
saha dosa kawula tansah wonten ing ngajeng kawula.
6 # Rm 3:4 Kawula damel dosa dhumateng Paduka, inggih namung dhumateng Paduka piyambak anggen kawula sampun damel dosa punika,
sarta nglampahi ingkang Paduka galih awon,
supados tetelaa bilih pancasan Paduka punika adil,
saha patrap anggen Paduka ngadili punika resik.
7Pancen saestu, anggen kawula kalairaken punika nandhang duraka,
sarta biyung kawula ngandhut kawula ing salebeting dosa.
8Pancen saestu, Paduka punika karenan dhateng kaleresan
ing salebeting batos,
kanthi kendel-kendelan Paduka paring sumerep bab kawicaksanan dhumateng kawula.
9Dosa kawula mugi Paduka icali kalayan hisop, temah dados resik,
kawula Paduka edusi temah dados pethak, nglangkungi salju!
10Kawula pinarengana mireng kabingahan lan sukarena,
saha balung ingkang sampun Paduka remuk, sageda surak-surak malih!
11Paduka mugi karsaa ngaling-alingi wedana Paduka, sampun ngantos mirsa dosa kawula,
saha kalepatan kawula mugi Paduka lebur sadaya.
12Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa damel resiking manah kawula,
sarta batos kawula mugi Paduka enggalaken klayan roh ingkang santosa.
13Kawula mugi sampun ngantos Paduka bucal saking ngarsa Paduka,
saha roh Paduka ingkang suci sampun ngantos kapundhut saking kawula.
14Paduka mugi karsaa nggigah kabingahan kawula malih margi saking karahayon ingkang saking Paduka,
saha kawula Paduka jangkepi klayan roh ingkang eklas!
15Temahan kawula badhe mulangaken margi Paduka dhateng para tiyang ingkang lampahipun nasar,
supados tiyang dosa sami mratobata dhumateng Paduka.
16Dhuh Allah, Allahipun karahayon kawula,
Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking anggen kawula kasambutan rah,
temah ilat kawula badhe surak-surak martosaken kaadilan Paduka.
17Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa mbikak lambe kawula,
supados cangkem kawula martosaken kidung pamuji konjuk dhumateng Paduka!
18Awit Paduka boten ngarsakaken mundhut kurban sembelehan,
kurban obaran Paduka inggih boten karsa.
19Kurban sembelehan ingkang katarimah ing Gusti Allah punika manah ingkang rempu, manah ingkang pepes lan remuk,
dhuh Allah punika boten Paduka galih asor.
20Paduka mugi karsaa nandukaken kasaenan dhumateng Sion manut rilaning panggalih Paduka,
saha karsaa mbangun balowartinipun Yerusalem!
21Paduka nunten badhe karsa nampeni kurban ingkang leres,
kurban obaran tuwin kurban ingkang kabesmi sadaya,
lembu jaler lajeng badhe kakurbanaken wonten ing misbyah Paduka.

Currently Selected:

JABUR 51: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in