YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 49

49
MASMUR 49
Kabegjan kang tanpa guna
49:1-21
1Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Masmur.
2He sakehing para bangsa, padha ngrungokna,
he sakehing wong ing donya, padha nilingna;
3para wong cilik lan wong gedhe,
para wong sugih lan wong mlarat sakabehe!
4Cangkemku bakal nglairake kawicaksanan,
kang dipikir-pikir dening atiku iku pangreten.
5Aku bakal nilingake marang bebasan,
tuwin bakal ngandharake paribasanku kalawan ngunekake clempung!
6Yagene kok aku nganti wedi marang dinaning karubedan,
rikala aku kinepung ing pialane wong kang padha ngoyak-oyak aku,
7wong-wong kang padha ngendel-endelake raja-branane,
lan umuk marga saka kehing bandhane?
8Ora ana wong siji-sijia bae kang bisa ngluwari awake dhewe,
utawa ngaturi tebusan marang Gusti Allah minangka liruning nyawane.
9Amarga kelarangen regane pangluwaraning nyawane,
lan ora nyukupi ing salawase,
10supaya lestari urip ing sateruse,
lan ora ndeleng luwanganing kuburan.
11Sanyatane, bakal kinawruhan: para wong kang wicaksana padha mati,
para wong bodho lan tanpa budi padha mati bareng,
lan bandhane ditinggalake marang wong liya.
12Kubure iku dadi omahe ing salawase,
dienggoni nganti turun-tumurun,
pategalan-pategalan dianggep dadi duweke.
13Nanging wong iku gedhea kaluhurane, iya ora lestari uripe,
mung padha kaya kewan kang dipateni.
14Kaya mangkono iku kaanane wong kang ngendelake awake dhewe,
sarta patine wong kang seneng marang tembunge dhewe. (Selah)
15Kaya wedhus anggone padha lumebu marang ing jagading wong mati,
pati kang dadi pangone;
padha terus tumurun marang ing kuburan,
awake ajur mumur,
jagading wong mati kang dadi papan padunungane.
16Nanging nyawaku bakal diluwari dening Gusti Allah,
saka ing cengkeremaning jagade wong mati,
amarga Panjenengane bakal mundhut aku. (Selah)
17Aja sumelang, manawa ana wong sangsaya sugih,
sarta sangsaya wuwuh kamuktene ana ing omahe,
18amarga rikala matine kabeh iku ora bakal digawa,
kamuktene ora bakal ngetutake dheweke.
19Sanadyan sajroning uripe ngarani awake dhewe iku begja,
lan dialem dening wong marga anggone mbeciki awake dhewe,
20ewadene bakal padha marani para leluhure,
kang ora bakal ndeleng pepadhang ing sateruse.
21Manungsa kang kadunungan kamulyan akeh, manawa ora duwe kawruh,
iku kena dipadhakake kewan kang disembeleh.

Currently Selected:

JABUR 49: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in