YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 43

43
1Dhuh Allah, Paduka mugi paring adil dhumateng kawula, karsaa nindakaken prakawis kawula,
ingkang tumuju dhateng bangsa ingkang boten saleh!
Mugi karsaa nguwalaken kawula saking tiyang ingkang ambek cidra lan culika!
2Awit Paduka punika Allah ingkang dados pangungsen kawula.
Punapaa dene kawula kok Paduka sebrataken?
Punapaa dene kawula kedah gesang kalayan mangangge bagor,
margi saking panganiayanipun satru?
3Paduka mugi maringi pepadhang saha kasetyan Paduka,
sageda nuntun kawula dhateng redi Paduka ingkang suci,
sarta dhateng ing padaleman Paduka.
4Supados kawula sageda lumebet dhateng ing ngajengipun misbyah Paduka,
sowan dhateng ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang paring suka bingah dhateng kawula,
saha memuji binarung swaraning clempung,
dhuh Allah, Allah kawula!
5Heh nyawaku, yagene kowe kok tumungkul?
Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku?
Ngarep-arepa marang Gusti Allah, awit Panjenengane dakpuji maneh,
Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!

Currently Selected:

JABUR 43: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in