YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 40

40
MASMUR 40
Panuwun lan pandonga
40:1-18
1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2Aku nganti-anti banget marang Sang Yehuwah,
nuli iya diuningani, sarta pasambatku dipiyarsakake.
3Aku dientasake saka luwenging bilai,
lan saka ing bladhering rawa,
sikilku banjur didegake ana ing parang,
jangkahku dikukuhake.
4Apadene cangkemku diparingi kidung anyar,
kidung pamuji marang Allah kita,
akeh wong kang padha weruh, temahan wedi,
lan banjur kumandel marang Pangeran Yehuwah.
5Rahayu wong,
kang padha kumandel marang Pangeran Yehuwah,
kang ora tumolih marang wong kang padha kumlungkung,
lan marang wong kang nyimpang marang ing pambekan cidra.
6Dhuh Yehuwah Allah kawula, sampun kathah ingkang Paduka tindakaken,
pakaryan Paduka ingkang elok saha karsa Paduka tumrap kawula sadaya,
boten wonten ingkang saged kajejeraken kaliyan Paduka.
Kaelokan Paduka badhe kawula cariyosaken saha kawula ucapaken,
nanging manawi kaetang kakathahen sanget cacahipun.
7 # Ib 10:5-7 Paduka boten karenan dhateng kurban sembelehan saha kurban dhaharan.
Paduka sampun mbikak kuping kawula,
Paduka boten mundhut kurban obaran tuwin kurban pangruwating dosa.
8Kula lajeng munjuk: “Lah punika kawula sowan;
ing gulunganing kitab sampun wonten seratipun ingkang magepokan kaliyan kawula;
9dhuh Allah kawula, kawula remen nglampahi karsa Paduka;
sarta angger-angger Paduka wonten ing batos kawula.”
10Kawula martosaken kaleresan
wonten ing pasamuwanipun tiyang kathah;
malah kawula boten mekak lambe kawula,
dhuh Yehuwah, Paduka ingkang ugi mirsa.
11Kaadilan boten kawula sidhem wonten ing manah kawula,
kasetyan Paduka saha kawilujengan ingkang saking Paduka kawula rembag,
katresnan saha kaleresan Paduka boten kawula sidhem
wonten ing pasamuwanipun tiyang kathah.
12Dhuh Yehuwah, Paduka mugi sampun ngantos mekak sih-kadarman Paduka saking kawula,
kawula mugi tansah kareksaa ing katresnan saha kaleresan Paduka!
13Amargi bebaya ngepang kawula
ngantos boten kenging kaetang kathahipun.
Kawula sampun ketututan ing duraka kawula,
ngantos kawula boten tahan ningali;
cacahipun nglangkungi cacahipun rambutipun sirah kawula,
temah manah kawula pasrah.
14 # Ms 70:2-6 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula;
dhuh Yehuwah, mugi enggal karsaa paring pitulungan dhumateng kawula!
15Sadaya tiyang ingkang ngangkah dhateng nyawa kawula,
mugi sami nandhanga wirang tuwin isin;
ingkang ngudi bilai kawula,
mugi sami mundur sarta nandhanga wirang!
16Tiyang ingkang mungel: “Sokur, sokur!” dhateng kawula,
punika mugi kabungkema cangkemipun margi wirang.
17Tiyang ingkang ngupadosi Paduka,
mugi sami bingah-bingah sarta suka-suka margi saking Paduka;
ingkang remen dhateng kawilujengan ingkang saking Paduka,
tetepa ngucap makaten: “Pangeran Yehuwah, linuhurna!”
18Kawula punika sangsara lan mlarat,
nanging Pangeran nggalih dhateng kawula,
Paduka ingkang mitulungi tuwin ngluwari kawula,
dhuh Allah kawula, mugi sampun ngantos rendhet!

Currently Selected:

JABUR 40: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in