YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 39

39
MASMUR 39
Pandonga nyuwun pitulungan
39:1-14
1Kanggo lurah pasindhen, kanggo Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2Gagasanku mangkene: “Aku dak ngati-ati,
supaya aku aja nganti nglakoni dosa kalawan ilatku,
cangkemku dakjaga kalawan dakbrangus,
sajrone wong duraka isih ana ing ngarepku.”
3Aku mbisu, aku meneng,
aku mbisu, aku adoh karo bab kang becik,
nanging prihatinku saya banget.
4Atiku panas ana ing jeroku,
murub kaya geni nalika aku sesambat;
aku munjuk kalawan ilatku:
5“Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa paring sumerep bab ngajal kawula,
punapadene bab watesing umur kawula,
supados kawula mangretos bilih kawula punika boten langgeng!
6Lah dangunipun umur kawula punika sampun Paduka temtokaken namung sawatawis tebah;
saha gesang kawula punika kados barang ingkang kothong wonten ing ngarsa Paduka,
pancen saben tiyang punika namung satunggaling bab ingkang tanpa gina. (Selah)
7Manungsa punika namung kadosdene wewayangan ingkang langkung,
namung usreg kemawon bab barang ingkang tanpa paedah,
nandho-nandho nanging boten sumerep sinten ingkang badhe ngrakup.
8Dados sapunika ingkang kula ajeng-ajeng punika punapa, dhuh Gusti?
Namung Paduka kemawon ingkang kawula ajab.
9Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking sakathahing kalepatan,
kawula sampun ngantos dados cecampahanipun tiyang gemblung.
10Kawula mingkem, boten mbikak cangkem kawula,
amargi Paduka piyambak ingkang tumindak.
11Paduka mugi karsaa nyingkiraken panyiksa Paduka saking kawula,
kawula remuk-rempu margi saking panggebag Paduka.
12Paduka ngrangket tiyang mawi paukuman,
jalaran lepat;
kaendahanipun Paduka lebur kadosdene renget,
pancen saben tiyang punika namung bab ingkang tanpa gina. (Selah)
13Dhuh Yehuwah mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,
saha nilingna ing pasambat kawula,
tetesing eluh kawula sampun Paduka kendelaken kemawon,
amargi kawula punika mondhok wonten ing ngarsa Paduka,
tiyang neneka kadosdene leluhur kawula sadaya.
14Paduka mugi mengkeraken kawula, supados kawula saged bingar,
saderengipun kawula kesah sarta boten wonten ing malih.”

Currently Selected:

JABUR 39: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in