YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 38

38
MASMUR 38
Pandonga ing sajrone lara
38:1-23
1Masmur anggitane Prabu Dawud nalika nyaosake kurban pengetan.
2Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun ngantos kaukum salebeting bebendu Paduka,
sarta kawula sampun ngantos karangket ing salebeting bramantya Paduka;
3amargi kawula ketaman ing panah Paduka,
asta Paduka sampun ndhawahi kawula.
4Daging kawula boten wonten ingkang saras margi saking bebendu Paduka,
balung kawula boten wonten ingkang wilujeng margi saking dosa kawula;
5amargi piawon kawula sampun tumempuh dhateng ing sirah kawula
sadayanipun punika kados momotan ingkang langkung dening awrat saha kawraten tumrap kawula.
6Koreng kawula mambet boten eca, ngemu nanah
margi saking bodho kawula.
7Kawula ngantos wungkuk, ngantos mbengkeluk sanget;
sadinten muput anggen kawula lumampah sarwi mangangge bagor.
8Bangkekan kawula kebak tatu,
saha daging kawula boten wonten ingkang wetah;
9kawula nglempuruk, katelasan kakiyatan,
kawula asesambat amargi manah kawula trataban.
10Dhuh Pangeran, Paduka nguningani sadaya pepenginan kawula,
sarta boten kesamaran menggah pasambat kawula.
11Manah kawula trataban, kakiyatan kawula telas,
saha mripat kawula koncatan sunaripun.
12Mitra saha tetepangan kawula sami sumingkir, margi saking memala kawula,
saha sanak-sadherek kawula sami nebih.
13Tiyang ingkang ngarah nyawa kawula sami masang kala-jiret,
ingkang murih cilaka kawula sami ngrantam badhe ngrisak kawula,
saha saben dinten ngrancang paekan.
14Nanging kawula kados tiyang budheg, boten mireng,
lan kados tiyang bisu, ingkang boten mbikak cangkemipun.
15Malah kados tiyang ingkang boten mireng,
lan cangkemipun boten saged mabeni.
16Dene Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng, dhuh Yehuwah;
Paduka ingkang badhe maringi wangsulan, dhuh Pangeran Allah kawula.
17Gagasan kawula makaten: “Anggeripun tiyang punika sampun ngantos bingah-bingah margi saking kawula,
sampun ngantos gumunggung manawi suku kawula gloyoran!”
18Awit kawula badhe dhawah jalaran kasandhung,
saha kawula tansah karidhu ing sakit.
19Dene kawula ngakeni kalepatan kawula,
kawula melang-melang margi saking dosa kawula.
20Mengsah kawula kathah sanget,
tuwin kathah tiyang ingkang sengit dhumateng kawula tanpa sabab;
21tiyang ingkang males awon dhateng kasaenan kawula,
sami nglawan kawula, amargi kawula ngudi dhateng kasaenan.
22Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi sampun negakaken kawula,
sampun nebihi kawula.
23Mugi enggala mitulungi kawula,
dhuh Pangeran, Pamarta kawula!

Currently Selected:

JABUR 38: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in