YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 32

32
MASMUR 32
Bab karahayone wong kang kaapura dosane
32:1-11
1 # Rm 4:7-8 Anggitane Prabu Dawud. Kidung piwulang.
Rahayu wong kang kaapura panerake,
kang dosane kaaling-alingan!
2Rahayu wong
kang durakane ora kaetang dening Yehuwah,
sarta kang atine ora kadunungan cidra!
3Sadangunipun kawula kendel, balung kawula sami dados gapuk
ing salebeting panggluruh kawula sadinten muput;
4amargi rinten dalu asta Paduka awrat pametekipun dhateng kawula
sungsum kawula ngantos garing,
kadosdene ngeraking mangsa benter. (Selah)
5 # 2Sa 12:13 Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka,
kalepatan kawula boten kawula aling-alingi;
tembung kawula: “Dakngakoni panerakku ana ing ngarsane Sang Yehuwah,”
Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula margi saking dosa kawula. (Selah)
6Milanipun sakathahing tiyang mursid sami ndedonga dhumateng Paduka,
mumpung taksih saged pinanggih;
sanadyan wontena bena ageng,
boten kebenan.
7Paduka ingkang dados pasingidan kawula,
Paduka nebihaken kawula saking karibedan,
Paduka ngemuli kawula, temah kawula luwar sarta asurak-surak. (Selah)
8Aku arep mulang marang kowe,
dakweruhake dalan kang wajib kokambah;
aku arep mituturi kowe, mripatku tumuju marang kowe.
9Aja kaya jaran utawa bihal kang ora duwe budi,
prelu dienggoni apus lan kendhali, manawa ora, ora bakal nyedhaki kowe.
10Wong duraka nandhang perih akeh,
nanging kang kumandel marang Sang Yehuwah
iku mesthi kinubengan ing sih-rahmat.
11He para wong mursid, padha bungaha lan giyak-giyaka ana ing Pangeran Yehuwah.
He para wong kang mulus ing ati, padha surak-suraka!

Currently Selected:

JABUR 32: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in