YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 21

21
MASMUR 21
Kidung panuwun marga Sang Prabu unggul
21:1-14
1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2Dhuh Yehuwah, Sang Prabu suka rena margi saking pangwaos Paduka,
sanget ing bingahipun margi saking kaunggulan peparing Paduka!
3Sapangesthining panggalihipun sampun Paduka paringi,
saha panyuwun ingkang kawedal saking lathinipun boten Paduka tampik. (Selah)
4Dene sampun Paduka pethuk kalayan berkah ingkang luber;
saha Paduka agemi makutha kancana murni ing mastakanipun.
5Panjenenganipun nyuwun gesang dhumateng Paduka; lajeng Paduka paringi,
ugi sampun Paduka paringi yuswa panjang ing salajengipun saha ing salaminipun.
6Kaluhuranipun linangkung margi saking kaunggulan peparing Paduka,
punapa dene Paduka paringi kaunggulan kaliyan kamulyan.
7Panjenenganipun Paduka dadosaken berkah ing salaminipun;
Paduka kebaki ing kabingahan wonten ing ngarsa Paduka.
8Amargi Sang Prabu kumandel dhumateng Sang Yehuwah,
saha margi saking sih-kadarmanipun Ingkang Mahaluhur panjenenganipun boten keguh.
9Asta Paduka badhe namani sakathahipun mengsah Paduka,
ingkang sengit dhumateng Paduka sami badhe ketaman ing asta Paduka ingkang tengen
10sami badhe Paduka dadosaken kadosdene pawon murub,
samangsa Paduka ngatingal, dhuh Yehuwah.
Bebendunipun Yehuwah badhe nguntal tiyang wau sedaya,
sarta sami badhe kamangsa ing latu.
11Turunipun badhe Paduka sirnakaken saking bumi,
tuwin tedhak turunipun saking antawisipun para anaking manungsa.
12Manawi badhe damel cilaka panjenengan dalem,
sarta nganam-anam piawon, sami tanpa daya.
13Malah badhe Paduka damel sami lumajeng sadaya,
sendhenging gandhewa Paduka, Paduka arahaken dhateng rainipun.
14Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng kanthi pangwaos Paduka!
Kawula lajeng sami ngidung saha ngrepekaken masmur
tumuju dhateng ing kasantosan Paduka.

Currently Selected:

JABUR 21: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in