YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 20

20
MASMUR 20
Pandonga nyuwun kaunggulan kagem Sang Prabu
20:1-10
1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2Sang Yehuwah mugi karsaa paring wangsulan dhumateng panjenengan dalem ing wekdal karibedan;
Asmaning Allahipun Rama Yakub mugi dadosa bebeteng dalem.
3Sang Yehuwah mugi ngintunana pitulungan saking pasucen dhateng panjenengan dalem,
sarta nyantosakaken panjenengan dalem saking Sion.
4Gusti Allah mugi karsaa ngengeti sakathahing sesaosan dalem kurban,
sarta karsaa nampeni kurban obaran dalem. (Selah)
5Mugi panjenengan dalem pinaringan punapa ingkang kakarsakaken,
sarta mugi sageda kalampahan punapa ingkang panjenengan dalem rancang.
6Kawula sami badhe surak-surak margi saking kaunggulan dalem,
sarta masang umbul-umbul margi saking asmanipun Gusti Allah kawula,
Sang Yehuwah mugi njurungana ing sapanyuwun dalem.
7Saiki aku sumurup yen Sang Yehuwah paring kaunggulan marang kang dijebadi,
lan paring wangsulan saka ing swargane kang suci
kalawan kamenangan kang gumilang dening astane tengen.
8Wong iku padha nggunggung karetane lan wong kae nggunggung jarane,
nanging aku padha nggunggung asmane Sang Yehuwah Allahku.
9Wong iku padha ambruk, padha tiba,
nanging aku padha ngadeg jejeg.
10Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paring kaunggulan dhateng Sang Prabu!
Mugi karsaa paring wangsulan samangsa kawula munjuk!

Currently Selected:

JABUR 20: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in