YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 17

17
MASMUR 17
Tanpa kaluputan kaoyak-oyak
17:1-15
1Pandongane Prabu Dawud.
Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken dhateng prakawis ingkang leres,
mugi karsaa nggatosaken ing pasambat kawula;
sarta mugi karsaa nilingaken dhateng ing pandonga kawula,
saking ing lambe ingkang boten dora.
2Mugi kawula angsala kaadilan saking Paduka:
paningal Paduka mugi nguningani punapa ingkang leres.
3Manawi Paduka nguji dhateng manah kawula,
niti kawula ing wanci dalu,
saha mriksa kawula
Paduka boten badhe manggih punapa-punapa ingkang awon,
ing cangkem kawula boten wonten panerak.
4Menggah pandamelanipun tiyang,
manut sabda ingkang Paduka pangandikakaken,
kawula boten tumut-tumut kaliyan tindakipun tiyang ingkang sami ambek roda-peksa;
5lampah kawula tetep ndherek ing tindak Paduka
saha suku kawula boten sleyoran.
6Kawula nyebut dhumateng Paduka, amargi Paduka paring wangsulan dhumateng kawula, dhuh Allah;
mugi Paduka karsaa nanggapaken talingan Paduka dhateng kawula mugi karsaa miyarsakaken atur kawula.
7Mugi Paduka karsaa ngatingalaken sih-rahmat Paduka ingkang elok,
Paduka ingkang ngluwari tiyang ingkang sami ngungsi dhateng ing pangaubaning asta Paduka ingkang tengen
margi saking wontenipun para ingkang sami mbalela.
8Mugi kawula Paduka reksa kados maniking mripat,
sarta Paduka dhelikaken wonten ing ayoming swiwi Paduka:
9margi wonten tiyang duraka ingkang sami ngangkah dhateng karisakan kawula,
inggih satru bebuyutan ingkang sami ngepang kawula.
10Tiyang wau sami boten ngatingalaken sih-kawelasan,
sami ngumbar kumalungkungipun;
11sami ngetutaken ing lampah-lampah kawula, sapunika sami ngrubung kawula,
mripatipun ngangkah badhe ngeplekaken kawula ing bumi.
12Rupinipun kados singa ingkang badhe ndekep,
kados singa nem ingkang ndhekem wonten ing pandhelikan.
13Dhuh Yehuwah mugi karsaa jumeneng, karsaa methukaken tiyang-tiyang wau saha Paduka rebahaken,
Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking tiyang duraka klayan pedhang Paduka.
14Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula kalayan asta Paduka,
saking tiyang-tiyang kadonyan punika ingkang pandumanipun wonten ing gesang samangke,
padharanipun katuwukana ing simpenan Paduka,
satemah anakipun sami tuwuk,
sarta tirahanipun katilarna dhateng ing bayi-bayinipun.
15Nanging kawula, badhe nyawang wadana Paduka wonten ing salebeting kaleresan;
tuwin ing satangi kawula, kawula badhe katuwukan ing pasuryan Paduka.

Currently Selected:

JABUR 17: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in