YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 16

16
MASMUR 16
Rahayu wong kang mursid
16:1-11
1Miktam. Anggitane Prabu Dawud.
Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa rumeksa dhumateng kawula,
amargi kawula ngayom dhumateng Paduka.
2Unjukku marang Sang Yehuwah mangkene: “Paduka punika Gusti kawula,
tumrap kawula boten wonten ingkang sae kajawi Paduka.”
3Para suci ingkang wonten ing tanah ngriki,
punika sami tiyang mulya ingkang tansah dados kabingahan kawula.
4Tiyang ingkang nyembah allah sanesipun punika kasisahanipun sangsaya mindhak ageng;
kurbanipun sok-sokan rah kawula boten tumut nyaosaken;
namanipun ugi boten kula ucapaken ing lambe kawula.
5Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang dados panduman warisan saha tuwung kawula.
Paduka piyambak ingkang murugaken panduman ingkang kaundhekaken dhateng kawula saged lestantun.
6Dhawahipun tangsul pangukur ingkang kangge kawula wonten ing papan ingkang nengsemaken;
siti pusaka kawula ngresepaken manah kawula.
7Aku ngalembana marang Sang Yehuwah, kang paring pitedah marang aku;
malah ing wayah bengi aku digegulang dening telenging batinku.
8 # PR 2:25-28 Aku tansah madhep marang Sang Yehuwah,
manawa Panjenengane jumeneng ana ing tengenku,
aku mesthi ora nganti keguh.
9Mulane atiku bungah-bungah lan nyawaku asurak-surak,
malah dagingku bakal manggon kalawan tentrem.
10 # PR 13:35 Amargi Paduka boten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan;
Paduka boten marengaken manawi kekasih Paduka ngantosa sumerep kluwat.
11Paduka ingkang nedahaken margining gesang dhateng kawula;
kabingahan pinanggih luber wonten ing ngarsa Paduka;
ing asta Paduka ingkang tengen wonten kanikmatan ingkang langgeng.

Currently Selected:

JABUR 16: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in