YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 15

15
MASMUR 15
Sapa kang diparengake sowan marang ing ngarsane Sang Yehuwah?
15:1-5
1Masmur anggitane Prabu Dawud.
Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kepareng mondhok wonten ing tarub Paduka?
Sinten ingkang kelilan manggen wonten ing redi Paduka ingkang suci?
2Yaiku wong kang lakune tanpa cacad
lan nindakake apa kang adil,
apadene ngucapake kabeneran kanthi gumolonging atine,
3kang ora nyebar pitenah kalawan ilate,
sarta ora nindakake piala marang kancane,
lan ora memada marang pepadhane;
4kang nganggep asor marang kang ambek nistha,
nanging ngajeni wong kang padha wedi asih marang Sang Yehuwah;
kang ngantepi supatane, sanadyan kapitunan;
5kang ora nganakake dhuwite
lan ora nampani besel nglawan wong kang ora lupuh.
Sapa kang tumindake kaya mangkono mesthi ora keguh ing salawas-lawase.

Currently Selected:

JABUR 15: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in