YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 130

130
MASMUR 130
Pasambat sajroning kasusahan
130:1-8
1Kidung jiyarah.
Dhuh Yehuwah, saking jurang ingkang lebet
kawula sesambat dhumateng Paduka.
2Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa miyarsakaken swanten kawula,
Paduka mugi nilingna dhumateng swantening pasambat kawula.
3Dhuh Yehuwah, manawi Paduka ngenget-enget dhateng durakaning tiyang,
dhuh Pangeran, sinten ingkang saged lestantun?
4Nanging Paduka kagungan pangapunten,
supados tiyang sami ajrih-asih dhumateng Paduka.
5Aku nganti-anti marang Pangeran Yehuwah, nyawaku ngarep-arep,
lan aku ngarep-arep marang Pangandikane.
6Nyawaku anggone nganti-anti marang Pangeran
ngluwihi pangarep-arepe jaga malem marang wayah esuk,
iya wong jaga kang ngarep-arep marang wayah esuk.
7Ngarep-arepa marang Pangeran Yehuwah, he Israel!
awit Sang Yehuwah kagungan sih-kadarman,
sarta kerep banget paring pangluwaran.
8 # Mt 1:21; Tt 2:14 Panjenengane kang bakal ngluwari Israel
saka sakehing kaluputane.

Currently Selected:

JABUR 130: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in