YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 131

131
MASMUR 131
Pasrah marang Gusti Allah
131:1-3
1Kidung jiyarah, anggitane Prabu Dawud.
Dhuh Yehuwah, kawula boten gumunggung
sarta boten mawas kanthi kumlungkung;
kawula boten nggayuh dhateng bab-bab ingkang muluk-muluk,
utawi bab-bab ingkang aneh tumrap kawula.
2Saestu, kawula sampun nentremaken sarta ngleremaken nyawa kawula;
kados lare sapihan ingkang tileman celak biyungipun,
kados lare ingkang dipun sapih nyawa kawula wonten ing nglebet kawula.
3He Israel, ngarep-arepa marang Pangeran Yehuwah,
wiwit samengko nganti ing salawas-lawase!

Currently Selected:

JABUR 131: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in