YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 13

13
MASMUR 13
Pandonga bab pracaya
13:1-6
1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun malih anggen Paduka boten ngengeti kawula?
Ngantos pinten dangunipun malih anggen Paduka nutupi wedana Paduka dhateng kawula?
3Ngantos dumugi benjing punapa anggen kawula kedah ngraosaken kwatos,
sarta anggenipun manah kawula sedhih ing sadinten-dinten?
ngantos benjing punapa satru kawula anggenipun ngungkuli kawula?
4Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi karsaa mirsani,
karsaa paring wangsulan dhumateng kawula;
mripat kawula kapadhangna supados kawula sampun ngantos katileman lajeng pejah;
5tuwin supados satru kawula sampun ngantos wicanten makaten:
“Wus daksorake,”
punapa malih mengsah kawula sampun ngantos surak-surak, manawi kawula keguh.
6Nanging kawula kumandel dhumateng sih-kadarman Paduka,
manah kawula abingah-bingah margi saking pitulungan Paduka.
Aku arep kekidungan kagem Sang Yehuwah, amarga wus paring kasaenan marang aku.

Currently Selected:

JABUR 13: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in