YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 12

12
MASMUR 12
Pandonga nyuwun pitulungan marga saka anane wong culika
12:1-9
1Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Kang kawolu. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2Dhuh Yehuwah mugi karsaa paring pitulungan, awit sampun boten wonten tiyang mursid,
tiyang setya sampun sirna saking ing antawisipun anaking manungsa.
3Rambagipun sami apus-ingapusan,
wicantenipun mawi lambe lamis, mawi manah rangkep.
4Muga-muga Pangeran numpes sakehing lambe lamis
lan ilat kang umuk-umukan,
5yaiku kang padha ngucap mangkene: “Kalawan ilatku aku padha menang!
Lambeku kang mbiyantu aku! Sapa kang mrentah aku?”
6Jalaran wong kang ringkih padha katindhes,
lan marga saka pangrintihe para wong mlarat
Ingsun saiki uga jumeneng, mangkono pangandikane Sang Yehuwah,
sarta mitulungi wong kang banget anggone ngantu-antu marang pitulungan.
7Pangandikane Sang Yehuwah iku Sabda kang murni,
kayadene selaka kang binesot,
rinesikan ambal ping pitu ana ing kowi ing bumi.
8Dhuh Yehuwah, Paduka badhe netepi,
kawula tansah badhe Paduka ayomi, Paduka uwalaken saking jinis punika.
9Para wong duraka padha klambrangan mrana-mrana,
samangsa budi kang nistha jumedhul ing satengahing anaking manungsa.

Currently Selected:

JABUR 12: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in