YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 11

11
MASMUR 11
Sang Yehuwah iku jumeneng dadi pangayoman
11:1-7
1Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud.
Aku ngayom marang Sang Yehuwah,
kepriye dene kowe padha wani kandha marang aku:
“Mabura menyang gunung kaya manuk!”
2Awit delengen, wong duraka padha menthang gandhewa,
panahe dietrapake ing sendheng,
sumedya dilepasake marang wong kang burus atine ana ing panggonan kang peteng.
3Samangsa tetalese padha dibubrahi,
wong mursid iku bisa nindakake apa?
4Sang Yehuwah ana ing padalemane kang suci;
Sang Yehuwah dhampare ana ing swarga;
tingale maspadakake,
kedheping tingale niti-priksa anaking manungsa.
5Sang Yehuwah ndadar wong mursid lan wong duraka,
lan gething marang wong duraka, kang seneng tumindak keras.
6Wong duraka padha diudani areng mengangah lan welirang;
angin kang nggesengake ngebaki tuwunge.
7Amarga Sang Yehuwah iku adil;
remen marang kaadilan:
wong kang burus atine bakal nyawang wedanane.

Currently Selected:

JABUR 11: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in