YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 113

113
MASMUR 113
Pangeran Yehuwah njunjung wong asor
113:1-9
1Haleluya!
He para abdining Pangeran Yehuwah, padha saosa puji,
padha saosa puji marang asmaning Sang Yehuwah.
2Asmaning Sang Yehuwah kasuwurna,
ing saiki lan ing salawase.
3Asmaning Sang Yehuwah pinuji-pujia
saka papan pletheking srengenge nganti tekan ing papan surupe;
4Pangeran Yehuwah iku luhur ngungkuli sakehe para bangsa,
kamulyane ngungkuli langit.
5Sapa kang kaya Pangeran Yehuwah, Allah kita,
kang dedalem ing ngaluhur,
6kang ngesorake sarira prelu nguningani,
swarga lan bumi?
7Wong asor dijunjung saka ing lebu
lan wong mlarat dientas saka ing blethokan,
8kalungguhake awor lan para panggedhe,
awor lan para panggedhe bangsane.
9Wong kang gabug dilungguhake ing omah,
dadi ibune bocah-bocah, mulane kebak kabungahan.
Haleluya!

Currently Selected:

JABUR 113: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in