YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 112

112
MASMUR 112
Rahayu wong kang bener
112:1-10
1Haleluya!
Rahayu wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah,
kang banget kasengsem marang sakehing pepakone,
2anak-putune bakal santosa ana ing bumi,
turune wong bener bakal diberkahi,
3omahe kanggonan bandha lan kasugihan,
sarta kautamane iku tetep ing salawas-lawase.
4Ing sajroning peteng wong kang bener kaplethekan pepadhang,
tresna welasan lan adil.
5Begja wong kang kadunungan welas lan nyenyilihake,
kang ngrampungake urusane kanthi samesthine,
6sabab ora bakal gonjing ing salawase,
wong kang mursid iku bakal pinengetan ing salawase,
7ora wedi marang kabar kang ala,
atine teteg, kumandel banget marang Pangeran Yehuwah,
8atine santosa, ora kadunungan wedi,
temah nganggep remeh marang para satrune.
9 # 2Kr 9:9 Blaba pawewehe, adedana marang wong miskin,
kamursidane tetep ing salawas-lawase,
sungune bakal saya dhuwur ing sajroning kamulyan.
10Wong duraka padha ndeleng, banjur lara atine,
nggeget untu banjur luluh;
pepenginane wong duraka iku tumuju marang ing karusakan.

Currently Selected:

JABUR 112: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in