YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 111

111
MASMUR 111
Kasaenane Gusti Allah
111:1-10
1Haleluya!
Pangeran Yehuwah arep dakcaosi pamuji sokur kalawan gumolonging atiku,
ana ing pakumpulane para wong mursid lan ana ing pasamuwan.
2Pakaryane Sang Yehuwah iku agung,
patut dititi-priksa dening sakehing wong kang kasengsem.
3Pakaryane iku agung lan mulya,
tuwin kaadilane tetep ing salawas-lawase.
4Kaelokane wus didadekake pangeling-eling;
Pangeran Yehuwah iku sih-mirma sarta welasan.
5Para wong kang ngabekti marang Panjenengane iku padha diparingi pangan,
prajanjiane diengeti ing salawase.
6Daya-kekiyataning pakaryane wus ditedahake marang umate,
padha diparingi tanah pusakane para bangsa.
7Pakaryaning astane iku kabeneran lan kaadilan,
sakehing prentahe iku padha kena diugemi,
8salawas-lawase lan ing sateruse kukuh,
katindakake kalawan bener lan jujur.
9Umate pinaringan pangentasan,
Gusti Allah dhawuh supaya prajanjiane iku kanggo ing salawas-lawase,
asmane iku suci sarta nggegirisi.
10 # Ay 28:28; WB 1:7, 9:10 Pangabekti marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan,
sarupaning wong kang nglakoni iku padha duwe budi padhang.
Pangalembana marang Gusti Allah iku langgeng ing salawase.

Currently Selected:

JABUR 111: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in