YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 10

10
1Dhuh Yehuwah, punapaa dene Paduka jumeneng wonten ing katebihan,
sarta umpetan ing wekdal karupekan?
2Amargi gumunggungipun tiyang duraka sanget-sanget anggenipun mbebujeng para tiyang ingkang katindhes.
Mugi-mugi tiyang duraka punika ketamana ing kekajenganipun awon ingkang karantam.
3Awit tiyang duraka punika ngegung-egungaken pepenginaning manahipun,
lan tiyang kethaha punika nyupatani lan ngawon-awon Sang Yehuwah.
4Tiyang duraka wicanten kaliyan nyungiraken irungipun:
“Gusti Allah rak ora bakal nuntut!”
sadaya gagasanipun mungel: “Ora ana Allah.”
5Salampah-lampahipun tansah kasil,
pangadilan Paduka kinggilen tumrap piyambakipun;
sadaya ingkang nglawan dipun remehaken.
6Manahipun mosik makaten: “Aku ora bakal gograg,
aku ora bakal tinempuh ing bilai nganti turun-tumurun.”
7 # Rm 3:14 Cangkemipun kebak ipat-ipat lan cidra sarta panyikara,
ilatipun isi piawon lan panyiksa.
8Tiyang wau ngindhik-indhik wonten ing gubug-gubug,
wonten ing pandhelikan mejahi tiyang ingkang boten lepat,
mripatipun ngindhik tiyang ingkang apes.
9Wonten ing pangumpetan ngulat-ulataken,
kados singa wonten ing gegrumbulan;
ngindhik-indhik sumedya nubruk tiyang ingkang kesrakat,
kagered dhateng ing jaringipun.
10Mendhak, ndhekem,
para tiyang ringkih lajeng sami dhumawah ing cengkeremaning kukunipun ingkang kiyat.
11Tiyang wau mosik ing salebeting manahipun: “Gusti Allah kalepyan,
wedanane ditutupi, mesthi bakal ora pirsa ing sateruse.”
12Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng. Dhuh Allah mugi karsaa mulungaken asta Paduka,
sampun ngantos kesupen dhateng tiyang ingkang kesrakat.
13Punapaa dene tiyang duraka nyenyamah Gusti Allah,
kaliyan mosik ing salebeting manahipun: “Gusti Allah rak ora nuntut.”
14Paduka pancen mirsa, awit Paduka nguningani kasisahan tuwin sakiting manah,
Paduka pundhut wonten ing asta Paduka piyambak,
tiyang apes sumendhe ing Paduka,
Paduka punika ingkang mitulungi lare lola.
15Tanganipun tiyang duraka saha tiyang awon mugi Paduka tugel,
durakanipun mugi Paduka cuthati, ngantos Paduka boten manggih malih.
16Sang Yehuwah jumeneng Raja ing sateruse lan ing salawase.
Bangsa-bangsa padha sirna saka ing tanah kagungane.
17Dhuh Yehuwah, pepenginanipun para tiyang ingkang katindhes sampun Paduka pirengaken.
Manahipun Paduka santosakaken, talingan Paduka tumiling,
18prelu paring kaleresan dhateng lare lola saha tiyang ingkang katindhes,
supados sampun ngantos wonten manungsa ing bumi malih ingkang damel giris.

Currently Selected:

JABUR 10: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in