YouVersion Logo
Search Icon

YESAYA 9

9
1 # Lk 1:79 Bangsa kang lumaku ing pepeteng wus sumurup pepadhang gedhe;
wong kang padha manggon ing nagara kang peteng ndhedhet
wus padha kaplethekan pepadhang.
2Paduka sampun nuwuhaken surak mawurahan,
saha kabingahan ingkang ageng.
Tiyang-tiyang sami abingah-bingah wonten ing ngarsa Paduka,
kadosdene bingahipun tiyang ing mangsa panen,
kadosdene surak-surakipun tiyang nalika mbage rayahan.
3Awit pasangan ingkang mlinder
saha rembatan ingkang wonten ing pundhakipun
sarta penthungipun tiyang ingkang nindhes
sampun Paduka tugel kados nalika kawonipun Midian.
4Sabab saben sepatu prajurit ingkang gedrag-gedrug
tuwin saben jubah ingkang kuthah rah
badhe dados mangsaning latu.
5Amarga ana Bayi kang wus miyos kanggo kita,
ana Putra kang wus kaparingake marang kita,
lambanging paprentahan ana ing pamidhangane,
lan asmane sinebut: Penasehat Elok,
Gusti Allah kang prakosa,
Rama kang Langgeng, Ratuning Katentreman.
6 # Lk 1:32-33 Gedhe pangwaose,
tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan
ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane,
awit iku kadhasarake lan kasantosakake
kalawan kaadilan lan kabeneran
wiwit saiki nganti ing salawas-lawase.
Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah
Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.
Dukane Pangeran Yehuwah marang Efraim
9:7–10:4
7Pangeran wus paring pangandika marang Rama Yakub,
lan pangandikane iku tumempuh marang Israel.
8Sabangsa kabeh cikben sumurup,
yaiku Efraim lan kang manggon ing Samaria,
kang celathu kalawan angkuh lan lumuhur-luhur:
9“Pagere bata ambruk,
kita arep ngedegake pager watu tatahan;
wit sikmah padha ditegori,
bakal kita salini wit eres.”
10Sang Yehuwah nuli nglurugake para panggedhening wadya-bala Rezin,
lan ngangkatake para mungsuhe:
11Wong Aram saka ing Wetan, tuwin wong Filisti saka ing kulon,
iku padha nguntal Israel kalawan cangkeme kang amba.
Sanadyan iki mau kelakon kabeh, dukane durung mendha,
sarta astane isih kaagagake.
12Ewasamono bangsa iku ora bali marang Panjenengane kang ngrangket,
lan ora ngupaya marang Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah.
13Mulane Pangeran Yehuwah banjur ngethok endhase lan buntute Israel,
wite lan pange bareng sadina.
14Para pinituwa lan para wong kang kajen keringan iku endhase,
dene nabi kang goroh iku buntute.
15Amarga wong-wong kang padha ngirid bangsa iki iku juru panasaran,
lan wong-wong sing diirid iku dadi kisruh.
16Marga saka iku Pangeran ora rena ing bab para nom-nomane,
lan ora welas marang anak-anake lola
lan marang para randhane,
amarga wong iku kabeh padha murtad lan nindakake panggawe ala,
sarta saben cangkem pangucape gemblung.
Sanadyan iki kabeh kelakon, dukane durung mendha,
tuwin astane isih kaagagake.
17Amarga duraka iku murub kaya geni
kang mangsa piskucing lan suket nganti entek,
banjur ngobong kekayon ing alas,
nganti kukuse kumelun mumbul.
18Marga saka dukane Sang Yehuwah Gustine sawra tumitah,
tanah iku kobong,
tuwin bangsa iku dadi mangsane geni;
ora ana wong siji-sijia kang melasi sadulure.
19Padha ngemplok manengen, nanging isih luwe,
padha ngemplok mangiwa, nanging durung wareg,
saben wong mangan daginge kancane:
20Manasye mangsa Efraim, lan Efraim mangsa Manasye,
tuwin bebarengan padha nglawan Yehuda.
Sanadyan iki kabeh kelakon, dukane durung mendha,
sarta astane isih kaagagake.

Currently Selected:

YESAYA 9: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in