1
YESAYA 9:6
Kitab Sutji
Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.
Compare
Explore YESAYA 9:6
2
YESAYA 9:2
Paduka sampun nuwuhaken surak mawurahan, saha kabingahan ingkang ageng. Tiyang-tiyang sami abingah-bingah wonten ing ngarsa Paduka, kadosdene bingahipun tiyang ing mangsa panen, kadosdene surak-surakipun tiyang nalika mbage rayahan.
Explore YESAYA 9:2
3
YESAYA 9:7
Pangeran wus paring pangandika marang Rama Yakub, lan pangandikane iku tumempuh marang Israel.
Explore YESAYA 9:7
4
YESAYA 9:5
Amarga ana Bayi kang wus miyos kanggo kita, ana Putra kang wus kaparingake marang kita, lambanging paprentahan ana ing pamidhangane, lan asmane sinebut: Penasehat Elok, Gusti Allah kang prakosa, Rama kang Langgeng, Ratuning Katentreman.
Explore YESAYA 9:5
5
YESAYA 9:1
Bangsa kang lumaku ing pepeteng wus sumurup pepadhang gedhe; wong kang padha manggon ing nagara kang peteng ndhedhet wus padha kaplethekan pepadhang.
Explore YESAYA 9:1
6
YESAYA 9:3
Awit pasangan ingkang mlinder saha rembatan ingkang wonten ing pundhakipun sarta penthungipun tiyang ingkang nindhes sampun Paduka tugel kados nalika kawonipun Midian.
Explore YESAYA 9:3
7
YESAYA 9:4
Sabab saben sepatu prajurit ingkang gedrag-gedrug tuwin saben jubah ingkang kuthah rah badhe dados mangsaning latu.
Explore YESAYA 9:4
Home
Bible
Plans
Videos