Pangandikane Sang Yehuwah: “He Israel!
Manawa sira gelem bali, sira balia marang Ingsun,
lan manawa sira gelem ngedohake para dewanira kang najisake,
sira ora susah sumingkir saka ing ngarsaningSun.
Lan manawa sira nglairake supata klawan kasetyan, kaadilan lan kabeneran:
Demi Sang Yehuwah kang gesang,
para bangsa bakal padha berkah-binerkahan ana ing Panjenengane
lan bakal padha gedhe atine marga saka Panjenengane.”