Mung bae sira ngakonana dosanira,
manawa sira wus cidra marang Sang Yehuwah, Gusti Allahira,
lan wus ngesokake katresnanira
marang para wong ngamanca ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel,
lan ora nilingake suwaraningSun!,
mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”
He bocah-bocah kang padha murtad, muliha, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – amarga Ingsun iku gustinira! Ingsun bakal mundhut sira saka angger kutha wong siji, saka saben kulawarga wong loro lan bakal ngirid sira menyang ing Sion.