Sira kok dadi ora wedi marang Ingsun,
– mangkono pangandikane Sang Yehuwah, –
lan ora gumeter ana ing ngarsaningSun?
Rak Ingsun kang ndadekake pasisir wedhi minangka watesing sagara,
kang dadi wewates tetep,
kang ora kena dilangkahi?
Nadyan sagarane molak-malika iya ora keconggah,
sanadyan alun-alune gumulung-gulung,
iya ora bakal ngliwati watese.