1
LUKAS 9:23
Kitab Sutji
Kabeh banjur padha dipangandikani: “Saben wong kang kepengin ngetutburi Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe, saben dina manggul salibe lan ngetutake Aku.
Харьцуулах
LUKAS 9:23 г судлах
2
LUKAS 9:24
Sabab sing sapa kumudu-kudu rumeksa marang nyawane, iku bakal kelangan nyawane; nanging sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nylametake nyawane.
LUKAS 9:24 г судлах
3
LUKAS 9:62
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Saben wong kang wis nyekel waluku, mangka banjur tumoleh marang kang ana ing buri, iku ora pantes tumrap Kratoning Allah.”
LUKAS 9:62 г судлах
4
LUKAS 9:25
Apa gunane wong bisa ndarbeni donya iki kabeh, yen banjur tiwas lan nandhang kapitunan awake dhewe?
LUKAS 9:25 г судлах
5
LUKAS 9:26
Awit sing sapa isin marga saka Aku lan pituturKu, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, besuk manawa Panjenengane rawuh kanthi kamulyane piyambak, lan kamulyane Sang Rama sarta para malaekat suci.
LUKAS 9:26 г судлах
6
LUKAS 9:58
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Asu ajag padha duwe rong lan manuk padha duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora kagungan papan kagem nyelehake mustakane.”
LUKAS 9:58 г судлах
7
LUKAS 9:48
sarta ngandika marang para sakabate: “Sing sapa nampani bocah iki atas saka jenengKu, dadi Aku kang ditampani; lan sing sapa nampani Aku, iku dadi nampani kang ngutus Aku. Awit kang cilik dhewe ing antaramu kabeh, iku kang gedhe dhewe.”
LUKAS 9:48 г судлах
Нүүр хуудас
Библи
Тѳлѳвлѳгѳѳ
Видео