Bareng wong wadon iku mau ngreti, yen kauningan, banjur marek kalawan gumeter, sumungkem ing ngarsane apadene tumuli mratelakake marang wong akeh, apa sababe ndemek Panjenengane sarta anggone sanalika banjur waras. Gusti Yesus nuli ngandika marang wong mau: “He, anakKu, pangandelmu kang wis mitulungi kowe, mundura kalawan tentrem rahayu!”