1
LUKAS 14:26
Kitab Sutji
“Manawa ana wong kang sowan ing ngarsaKu, mangka ora sengit marang bapakne, ibune, bojone, anak-anake, sadulur-sadulure lanang utawa wadon, malah nyawane dhewe pisan, iku ora bisa dadi siswaKu.
Salīdzināt
Izpēti LUKAS 14:26
2
LUKAS 14:27
Sing sapa ora manggul salibe lan ngetut buri Aku, iku ora bisa dadi siswaKu.
Izpēti LUKAS 14:27
3
LUKAS 14:11
Sabab sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, lan sing sapa ngasorake awake dhewe bakal diluhurake.
Izpēti LUKAS 14:11
4
LUKAS 14:33
Mangkono uga saben wong panunggalanmu, kang ora bisa ninggal sabarang darbeke kabeh, iku ora bisa dadi siswaKu.
Izpēti LUKAS 14:33
5
LUKAS 14:28-30
Sabab sapa ta panunggalanmu kang arep ngadegake manara, ora linggih dhisik ngetung-etung, apa dhuwite cukup kanggo ngragadi nganti sarampunge. Supaya manawa wis rampung pandhemene, mangka ora bisa mbacutake, sakehe wong kang weruh aja nganti padha moyoki mangkene: Wong iku ngadani gegawean, nanging kok ora bisa ngrampungake!
Izpēti LUKAS 14:28-30
6
LUKAS 14:13-14
Nanging, manawa kowe nganakake pista, ngulemana wong-wong kang mlarat, kang cacad, kang lumpuh lan kang wuta. Yen mangkono kowe bakal rahayu, amarga wong iku kabeh ora padha duwe kang dianggo males marang kowe. Dene kowe bakal tampa piwales besuk ing dina patangening para wong mursid.”
Izpēti LUKAS 14:13-14
7
LUKAS 14:34-35
Uyah iku pancen apik, nanging manawa uyah iku ilang asine, apa kang kanggo mulihake rasane? Wis ora ana gunane, kanggoa tegal utawa kanggoa rabuk, mung banjur dibuwang bae. Sing sapa duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!
Izpēti LUKAS 14:34-35
Mājas
Bībele
Plāni
Video